Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Ing pagunungan Efraim ana sawijining wong, jenenge Mikha. |
| 2 |
| Dheweke matur marang ibune: “Artanipun selaka ibu, sewu satus ingkang ical kapendhet ing tiyang, ngantos panjenengan ngucapaken supaos -- kula piyambak mireng pangandika panjenengan -- punika wonten ing kula, kula ingkang mendhet.” Wangsulane ibune: “Kaberkahana anakku dening Pangeran Yehuwah.” |
| 3 |
| Sawuse iku dhuwit selaka sewu satus iku tumuli dibalekake marang ibune. Nanging ibune ngandika: “Dhuwit iku daksengker konjuk marang Sang Yehuwah, dakpasrahake marang anakku, supaya ditanjakna kanggo gawe reca ukir-ukiran lan reca cor-coran. Mulane saiki dhuwit iku dakbalekake marang kowe.” |
| 4 |
| Nanging dhuwit iku dibalekake marang ibune, wong wadon iku nuli njupuk dhuwite selaka rong atus lan kawenehake marang tukang selaka; dhuwit iku kagawe reca ukir-ukiran lan cor-coran kang banjur diprenahake ana ing omahe Mikha. |
| 5 |
| Mikha iku duwe omah brahala. Banjur digawekake efod lan terafim; salah sawijining anake lanang didadekake imam. |
| 6 |
| Ing nalika samana ing Israel ora ana ratune, angger wong nindakake apa kang dianggep bener miturut wawasane. |
| 7 |
| Ana sawijining wong anom saka ing Betlehem-Yehuda, saka taler Yehuda; dheweke kalebu wong Lewi lan manggon ana ing kono dadi wong neneka. |
| 8 |
| Wong mau banjur budhal saka ing kutha Betlehem-Yehuda, arep neneka ana ing ngendi bae janji oleh panggonan; anggone lelaku tumeka ing pagunungan Efraim, ing omahe Mikha. |
| 9 |
| Tumuli diaruh-aruhi dening Mikah mau: “Panjenengan saking pundi?” Wangsulane: “Kula punika tiyang Lewi saking Betlehem-Yehuda, kula kekesahan badhe neneka wonten ing pundi kemawon uger angsal panggenan.” |
| 10 |
| Celathune Mikha marang wong mau: “Sumangga panjenengan kula aturi dedalem nunggil kaliyan kula, badhe kula anggep bapa saha imam kula, saben taun panjenengan badhe kula caosi arta selaka sadasa, pangageman sapangadeg saha dhahar.” |
| 11 |
| Wong Lewi mau nyarujuki tetep manggon tetunggalan karo wong mau. Wong nom mau diangggep kaya salah sawijining anake dhewe. |
| 12 |
| Mikha netepake wong Lewi mau, wong nom iku, dadi imame sarta manggon ana ing omahe Mikha. |
| 13 |
| Pangucape Mikha: “Saiki aku sumurup, yen Sang Yehuwah bakal paring karaharjan marang aku, marga ana wong Lewi dadi imamku.” |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/judges/017.mp3
21
17