Hana banjur ndedonga, unjuke: “Manah kawula abingah-bingah margi Sang Yehuwah, singating karosan kawula linuhuraken dening Sang Yehuwah; cangkem kawula ngolok-olok satru kawula, awit kawula asuka-rena margi saking pitulungan Paduka.
Boten wonten ingkang sucinipun nyameni Paduka, margi boten wonten sanesipun kejawi Paduka, lan boten wonten redi parang ingkang kados Gusti Allah kawula.
Kowe aja tansah umuk-umukan, aja ana panyenyamah kang kawetu saka ing cangkemmu. Amarga Sang Yehuwah iku Gusti Allah kang mahawikan, lan kabeh panggawemu dinadar ing Panjenengane.
Sing sapa wareg dhisik, saiki bakal buruh golek pangan, nanging wong kang luwe dhisik, saiki bisa ngaso. Malah wong kang gabug, nglairake anak pitu, nanging wong kang sugih anak, dadi loyo.
Panjenengane njunjung wong asor saka ing lebu, lan ngentas wong mlarat saka ing blethokan, kalungguhane jajar karo para bangsa luhur, lan ndadekake dheweke oleh kalungguhan kang mulya. Amarga Sang Yehuwah kagungan dhasaring bumi; lan Panjenengane mrenahake dharatan ana ing dhuwure.
Wong kang bebantahan kalawan Sang Yehuwah bakal padha disirnakake; padha didadekake gumeter dening Panjenengane kalawan gludhug ing langit. Sang Yehuwah ngadili bumi nganti tekan ing poncot-poncote; Panjenengane maringi karosan marang ratu kang dijumenengake, lan ngunggulake sunguning karosane wong kang dijebadi.”
utawa watesing wewenange para imam tumrap para bangsa iku. Saben ana wong nyaosake kurban sembelehan, nalika daging mau diolah, bature imam nggawa cukit kang cawang telu,
lan dijojohake ing kenceng, kuwali, wajan utawa kendhil. Apa kang katut ing cukit iku dadi darbeke imam dhewe. Kaya mangkono panggawene marang saben wong Israel, kang teka ana ing Silo kono.
Malah sadurunge gajihe diolah, bature imam iku teka lan kandha marang kang saos kurban: “Ngaturana daging marang imam, arep dipanggang, amarga karsane mundhut daging kang durung diolah, mung kang mentah bae.”
Manawa diwangsuli: “Gajihipun rak kedah dipun panggang rumuyin, manawi sampun sumangga mendheta sakajeng sampeyan,” batur mau tumuli mangsuli: “Saiki uga kudu kokulungake, yen ora, bakal dakrebut.”
Imam Eli banjur paring berkah marang Elkana sarta rabine, pangandikane: “Muga-muga Sang Yehuwah maringi turun marang kowe saka wong wadon iki, minangka lirune kang wis kasaosake marang Sang Yehuwah.” Sawuse iku padha bali mulih menyang ing padunungane.
Lan Sang Yehuwah nggalih marang Hana, satemah ngandhut lan nglairake anak lanang telu lan wadon loro maneh. Ing wektu samana wong anom Samuel saya mundhak gedhe ana ing ngarsane Sang Yehuwah.
Imam Eli wis sepuh banget. Manawa mireng pawarta mungguh apa-apa kang ditindakake putra-putrane tumrap sakehing wong Israel lan padha ngemori turu para wong wadon kang ngladeni ana ing ngarep lawanging Kemah Pasewakan,
banjur padha dipangandikani: “Yagene kowe padha nglakoni prakara kang kaya mangkono temah aku krungu saka wong sabangsa kabeh, mumgguh panggawemu kang ala iku.
Aja mangkono, dhuh anakku angger. Kang dakrungu iku dudu kabar kang becik, yaiku manawa kowe padha njalari umate Sang Yehuwah padha nerak angger-angger.
Manawa ana sawijining wong, kang duwe kaluputan marang wong liyane, Gusti Allah kang bakal ngadili, nanging manawa ana sawijining wong kang nglakoni dosa marang Sang Yehuwah, sapa kang bakal dadi pantarane?” Nanging pituture ramane iku ora dipaelu, amarga Sang Yehuwah arep mateni para wong iku.
Ana sawijining abdine Gusti Allah kang marani Imam Eli lan ngemban pangandika mangkene: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Ingsun rak wus ngatingal marang para leluhurira kalawan nyata-nyata, nalika isih padha ana ing tanah Mesir lan kaereh dening darahe Pringon?
Lan Ingsun wus miji saka ing antarane taler Israel kabeh dadi imam kagem Ingsun, supaya saos kurban ana ing misbyahingSun, ngobong dupa lan manganggo efod ana ing ngarsaningSun; golonganira wus Sunpasrahi sakehing kurbane genenan wong Israel.
Geneya sira tumindak kethaha marang kurban sembelehan lan kurban dhaharaningSun, kang wus Sundhawuhake lan geneya anggonira ngajeni anak-anakira ngungkuli Ingsun, karo nglelemu awakira klawan perangan kang becik dhewe, saka sadhengahing kurbane dhaharan umatingSun Israel?
Mulane -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel -- lah Ingsun wus paring prajanji: Kulawarganira lan golonganira bakal urip ana ing ngarsaningSun ing salawase, nanging saiki -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah --: prakara iku adoh banget saka Ingsun! Amarga sapa kang ngajeni Ingsun, bakal Sunajeni, nanging sing sapa ngremehake Ingsun bakal inganggep asor.
Lah bakal tumeka ing titimangsane, manawa Ingsun bakal nyempal tanganing karosanira, apadene tanganing kulawarganira, temah ora ana wong siji-sijia kang nganti kaki-kaki ing brayatira.
Dene sira bakal ora seneng nyawang marang sakehing kabecikan kang bakal Suntandukake marang Israel lan ing kulawarganira ora bakal ana siji-sijia wong kaki-kaki ing salawase.
Nanging ana siji saka ing kulawarganira kang ora Sunsirnakake saka ing misbyahingSun, kang bakal ndadekake rusake mripatira lan nalangsaning nyawanira; undhaking kulawarganira bakal padha mati dening pedhanging mungsuh.
Lah Ingsun bakal ngadegake Imam kang kena dipracaya, kang lakune condhong karo panggalihingSun, lan karo jiwaningSun, lan Ingsun bakal nuwuhake turun kang setya tuhu, temah iku bakal urip ana ing ngarepe kang Sunjebadi.
Wasana saka turunira kang isih urip bakal sujud ngabekti marang iku nyuwun dhuwit salaka utawa roti sacuwil, lan bakal matur: Kula mugi panjenengan papanaken wonten ing salah satunggaling golongan imam punika, supados kula saged nedha roti sacuwil.”