Para wong ing Kiryat-Yearim banjur padha teka, marani pethine Sang Yehuwah iku lan diusung menyang ing omahe Abinadab kang ana ing tetengger. Lan Eleazar anake disucekake, supaya ngreksa pethine Sang Yehuwah iku.
Nabi Samuel nuli ngandika marang wong Israel saumat kabeh mangkene: “Manawa kowe padha mratobat marang Sang Yehuwah kalawan gumolonging atimu. nyingkirna para allah liyane lan para Asytoret saka ing tengahmu lan adhepna atimu marang Sang Yehuwah lan padha ngemungna ngabekti marang Sang Yehuwah; Panjenengane banjur bakal mitulungi kowe saka ing tangane wong Filisti.”
Bareng wis padha ngumpul ana ing Mizpa, banjur padha nyidhuki banyu lan disuntak ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Apadene padha puwasa lan matur ana ing kono: “Kula sampun sami nglampahi dosa dhumateng Sang Yehuwah.” Lan Nabi Samuel banjur ngakimi wong Israel ana ing Mizpa.
Bareng wong Filisti padha krungu warta, yen wong Israel padha ngumpul ana ing Mizpa, para ratu-kuthane wong Filisti padha mangsah nglurugi wong Israel. Wong Israel bareng krungu bab iku, banjur padha wedi marang wong Filisti iku.
Wong Israel tumuli matur marang Nabi Samuel: “Sampun kendel-kendel anggen panjenengan ndongakaken kula dhateng Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, supados Panjenenganipun mitulungi kita saking tanganipun tiyang Filisti punika.”
Sawuse iku Nabi Samuel mundhut cempe suson lan dicaosake kabeh marang Sang Yehuwah kagawe kurban obaran. Lan bareng Nabi Samuel ndongakake wong Israel marang Sang Yehuwah, Sang Yehuwah nyembadani panyuwune.
Nalika Nabi Samuel nyaosake kurban obaran iku, wong Filisti padha mangsah perang, nglawan wong Israel. Nanging ing dina iku Sang Yehuwah ndhatengake gludhug kang swarane ngebat-ebati ing sandhuwure bangsa Filisti lan nggegerake wong-wong iku, temah padha disorake dening wong Israel.
Nabi Samuel banjur mundhut watu lan diadegake ana ing antarane Mizpa lan Yesana, panjenengane maringi jeneng iku: Eben-Haezer, pangandikane: “Sang Yehuwah wus mitulungi kita tekan ing kene!”
lan kutha-kutha kang dirayud dening wong Filisti wis bali marang Israel maneh, wiwit saka ing Ekron tutug ing Gat; lan wong Israel bisa ngrebut tlatah sakubenge saka ing tangane wong Filisti. Wong Israel karo wong Amori padha rukun.
Nuli kondur menyang ing Rama, amarga daleme ana ing kono, lan saka ing kono anggone ngereh wong Israel, lan ana ing kono panjenengane yasa misbyah kagem Sang Yehuwah.