× Basa Eropa Rusia Belarusian Ukraina Basa Polandia Serbia Bulgaria Slowakia Ceko Romania Moldova Azerbaijan Armenia Georgia Albania Avar Bashkir Tatar Chechen Slovenia Kroasia Estonia Latvia Basa Lithuania Hungaria Basa Finlandia Norwegia Swedia Islandia Yunani Basa Makedonia Jerman Bavarian Walanda Denmark Welsh Basa gael Irlandia Prancis Basque Catalan Italia Galatia Romani Bosnian Amerika Utara Basa inggris Amerika Selatan Spanyol Portugis Guarani Quechuan Aymara Amerika Tengah Jamaika Nahuatl Kiche Qeqchi Haiti Asia Wétan Cina Jepang Korea Mongolia Uyghur Hmong Asia Wétan Kidul Malaysia Burma Chin Nepal Cebuano Tagalog Kamboja Thai Indonesia Vietnam Jawa Lao Iban IuMien Kachin Lahu Aceh Balinese Bugis Pampanga Sasak Shan Waray Asia Kidul Hindi Оdia Awadhi Mizo Kannada Malayalam Marathi Gujarati Tamil Telugu Punjabi Kurukh Assam Maithili Basa Benggala Basa Urdu Sinhala Dogri Haryanvi Meitei Konkani Santali Sindhi Koya Thado Sanskrit Devanagari Adilabad Gondi Ahirani Balochi Bundeli Chhattisgarhi Garhwali Kangri Kumaoni Mewari Munda Sadri Seraiki Shekhawati Sylheti Asia Tengah Kyrgyz Uzbek Tajik Turki Kazakhstan Karakalpak Timur Tengah Turki Basa Ibrani Arab Persia Kurdi Pashto Koptik Afrika Afrika Xhosa Zulu Ndebele Sotho Amharic Wolaytta Nigeria Mossi Ika Dinka Kabyle Ewe Swahili Maroko Somalia Shona Madagaskar Igbo Lingala Baoule Siswati Tsonga Tswana Gambian Yoruba Kamba Kinyarwanda Hausa Chewa Luo Makua Dyula Fulfulde Kalenjin Kikuyu Kikwango Kirundi Krio Nigerian Pidgin Oromo Tshiluba Tshivenda Twi Umbundu Lugbara Luguru Pular Gussi Maasai Turkana Moba Nuer Shilluk Tamasheq Makonde Bemba Fon Hadiyya Ibibio Kimbundu Kimiiru Lango Liberian Kreyol Lomwe Mende Morisyen Ndau Nyankole Sena Sidamo Soga Songe Sukuma Tarifit Teso Tiv Zande Dagbani Benua Australia Selandia Baru Papua Nugini Basa Lawas Aram Latin Esperanto 1 1 1 KJS 2017 KJS 2017JVN 200919811 1 1 JABUR PURWANING DUMADIPANGENTASANKAIMAMANWILANGANPANGANDHARING TORETYUSAKPARA HAKIMRUT1 SAMUEL2 SAMUEL1 PARA RAJA2 PARA RAJA1 BABAD2 BABADEZRANEHEMYAESTERAYUBJABURWULANG BEBASANKOHELETMUSTHIKANING KIDUNGYESAYAYEREMIAKIDUNG PANGADHUHYEHESKIELDHANIELHOSEAYOELAMOSOBAJAYUNUSMIKHANAHUMHABAKUKZEFANYAHAGAIZAKHARIAMALEAKHI--- --- ---MATEUSMARKUSLUKASYOKANANLELAKONE PARA RASULRUM1 KORINTA2 KORINTAGALATIEFESUSFILIPIKOLOSE1 TESALONIKA2 TESALONIKA1 TIMOTEUS2 TIMOTEUSTITUSFILEMONIBRANIYAKOBUS1 PETRUS2 PETRUS1 YOKANAN2 YOKANAN3 YOKANANYUDASWAHYU1 1 1 106 1234567891011121314151617181920212223242526272829303132333435363738394041424344454647484950515253545556575859606162636465666768697071727374757677787980818283848586878889909192939495969798991001011021031041051061071081091101111121131141151161171181191201211221231241251261271281291301311321331341351361371381391401411421431441451461471481491501 1 1 : 1 1234567891011121314151617181920212223242526272829303132333435363738394041424344454647481 1 1 Javanese Bible 1981 JABUR 106 Simpen Cathetan 1Haleluya! Padha saosa puji sokur marang Pangeran Yehuwah, awitdene Panjenengane iku sae! Sih-susetyane iku langgeng ing salawase.2Sapa kang bisa nyaritakake pakaryaning Sang Yehuwah kang linuwih, tuwin martakake sakehing pangalembana marang Panjenengane?3Rahayu wong kang netepi angger-angger, kang nindakake kaadilan ing salawas-lawase.4Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka engeti, awit saking kamirahan Paduka dhateng umat Paduka, Paduka mugi kersaa migatosaken dhumateng kawula demi karahayon Paduka,5supados kawula sageda ningali kabegjanipun para pepilihan Paduka, supados kawula tumuta bingah ing salebeting kabingahanipun umat Paduka, sarta supados saged nglairaken panggunggung sesarengan kaliyan umat kagungan Paduka piyambak.6Kawula sadaya kaliyan para leluhur kawula, sampun sami nglampahi dosa, kawula sampun sami lepat sarta nglampahi duraka.7Para leluhur kawula nalika wonten ing tanah Mesir, sami boten mangertos dhumateng kaelokan Paduka, sami boten enget dhateng agenging sih-kadarman Paduka, malah sami mbalela dhumateng Ingkang Mahaluhur, wonten ing pinggiripun seganten Teberau.8Ewadene padha dipitulungi slamet Gusti Allah marga saka asmane, supaya padha sumurupa marang kakiyatane.9Segara Teberau didukani temah dadi asat, para leluhur banjur padha dilakokake ana ing samodra agung, kayadene liwat ing ara-ara samun.10Kaya mangkono anggone padha diluwari saka ing tanganing wong kang sengit, sarta padha diuwalake saka ing tanganing mungsuh.11Mungsuhe padha kasasaban ing banyu, ora ana kang kari siji-sijia.12Nalika iku para leluhur banjur padha ngandel marang pangandikane, sarta ngidungake pepujian katur ing Panjenengane.13Nanging banjur enggal padha lali marang pakaryane, lan ora nyrantekake marang pitedahe;14padha ngumbar hawa-napsune ana ing segara wedhi, sarta nyoba marang Gusti Allah ana ing ara-ara samun.15Padha diuja kekarepane, nanging awake uga banjur diganjar lelara nglayung.16Sawuse mangkono padha meri marang Nabi Musa ana ing pakemahan, tuwin marang Imam Harun, abdining Pangeran Yehuwah kang suci.17Bumi tumuli bengkah nguntal Dhatan, sarta ngingkemi grombolane Abiram.18Ana geni kang mulad-mulad ing tengahe grombolan mau, lan urube nggesengake para wong kang duraka iku.19Ana ing gunung Horeb padha gawe reca pedhet, sarta sujud marang reca cithakan;20padha ngijolake Kamulyane kalawan wewujudan sapi lanang kang mangan suket.21Padha lali marang Gusti Allah juru Pangluwarane, kang wus nindakake prakara-prakara kang gedhe ana ing tanah Mesir;22pandamel-pandamel kang elok ana ing tanahe Kham, pandamel-pandamel kang nggegirisi ana ing sapinggire segara Teberau.23Mulane Pangeran ngandika bakal numpes para leluhur, yen ajaa Nabi Musa pepilihane, nengahi ana ing ngarsaning Pangeran, nyirep bebendune temah Panjenengane ora sida nyirnakake para leluhur.24Para leluhur padha ngemohi negara kang adi iku, padha ora ngandel marang pangandikane,25malah padha pating kedumel ana ing kemahe, lan ora ngrungokake marang swantene Pangeran Yehuwah,26mulane Pangeran banjur ngagagake astane marang para leluhur, arep padha dipateni ana ing ara-ara samun,27sarta turune bakal padha dibuyarake ana ing antarane para bangsa, lan disebar menyang ing negara-negara.28Apadene padha rumaket marang Baal-Peor, sarta mangan kurban-kurban sembelehan kanggo wong mati.29Dadi padha gawe gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah marga saka pratingkahe mau, mulane padha katempuh ing wewelak.30Pinehas tumuli tumandang nindakake pangadilan, temah wewelak mau banjur sirep.31Bab iku kapetung dadi jasane turun-tumurun ing salawas-lawase.32Ana ing sacedhake banyu ing Meriba, para leluhur padha gawe dukaning Allah, satemah Nabi Musa banjur ketaman ing karubedan, marga saka para leluhur mau,33amarga para leluhur padha njalari dukane Nabi Musa, nganti panjenengane ketrucut anggone ngandika.34Para bangsa padha ora dibengkas, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhur,35nanging padha tetunggalan karo para bangsa mau, lan niru pratingkahe,36brahalane padha disembah, temah dadi kalajiret tumrap para leluhur.37Padha ngurbanake anak-anake lanang, lan anak-anake wadon marang para roh reged,38dadi padha ngwutahake getihe wong kang ora luput, iya iku getihe anake lanang lan wadon, kang padha disembeleh dadi sesajen marang brahalane wong Kanaan, temah negara kono banjur najis awit saka anggone utang getih mau.39Padha najisake awake dhewe srana pratingkahe iku, sarta padha laku jina ing sajroning panggawene mau.40Mulane bebenduning Pangeran Yehuwah mulad-mulad marang umate, sarta ewa marang bangsa kagungane piyambak iku,41banjur padha diulungake marang ing tangane bangsa liyan, satemah kawasesa ing wong kang padha nyengiti.42Padha kaindhes-indhes dening mungsuhe, satemah teluk marang ing pangwasane.43Wus bola-bali anggone padha dipitulungi dening Gusti Allah, nanging padha mbalela wae kanthi rancangan-rancangane, padha kerem ing sajroning kaluputane.44Ewadene Gusti Allah mirsani ing karubedane, nalika miyarsa pasambate.45Panjenengane enget marang prasetyane marga saka para leluhur mau, temah kaduwung marga saka gedhening sih-kadarmane.46Padha diparengake oleh kawelasan saka ing sakehing wong kang padha nawan.47Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, kawula mugi Paduka luwari, sami kaklempakna saking ing antawisipun para bangsa, supados kawula sami ngucap sokur dhumateng asma Paduka ingkang suci, sami ageng ing manah kalayan ngaturaken pepujian dhumateng Paduka.48Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, saka ing kalanggengan tumeka ing kalanggengan sarta umate kabeh padha ngucapa: “Amin!” Haleluya!Javanese Bible 1981 Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981 Javanese Bible 1981 JABUR 106 00:00:00 00:00:00 0.5x 2.0x https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/psalms/106.mp3 150 106