× Basa Eropa Rusia Belarusian Ukraina Basa Polandia Serbia Bulgaria Slowakia Ceko Romania Moldova Azerbaijan Armenia Georgia Albania Avar Bashkir Tatar Chechen Slovenia Kroasia Estonia Latvia Basa Lithuania Hungaria Basa Finlandia Norwegia Swedia Islandia Yunani Basa Makedonia Jerman Bavarian Walanda Denmark Welsh Basa gael Irlandia Prancis Basque Catalan Italia Galatia Romani Bosnian Amerika Utara Basa inggris Amerika Selatan Spanyol Portugis Guarani Quechuan Aymara Amerika Tengah Jamaika Nahuatl Kiche Qeqchi Haiti Asia Wétan Cina Jepang Korea Mongolia Uyghur Hmong Asia Wétan Kidul Malaysia Burma Chin Nepal Cebuano Tagalog Kamboja Thai Indonesia Vietnam Jawa Lao Iban IuMien Kachin Lahu Aceh Balinese Bugis Pampanga Sasak Shan Waray Asia Kidul Hindi Оdia Awadhi Mizo Kannada Malayalam Marathi Gujarati Tamil Telugu Punjabi Kurukh Assam Maithili Basa Benggala Basa Urdu Sinhala Dogri Haryanvi Meitei Konkani Santali Sindhi Koya Thado Sanskrit Devanagari Adilabad Gondi Ahirani Balochi Bundeli Chhattisgarhi Garhwali Kangri Kumaoni Mewari Munda Sadri Seraiki Shekhawati Sylheti Asia Tengah Kyrgyz Uzbek Tajik Turki Kazakhstan Karakalpak Timur Tengah Turki Basa Ibrani Arab Persia Kurdi Pashto Koptik Afrika Afrika Xhosa Zulu Ndebele Sotho Amharic Wolaytta Nigeria Mossi Ika Dinka Kabyle Ewe Swahili Maroko Somalia Shona Madagaskar Igbo Lingala Baoule Siswati Tsonga Tswana Gambian Yoruba Kamba Kinyarwanda Hausa Chewa Luo Makua Dyula Fulfulde Kalenjin Kikuyu Kikwango Kirundi Krio Nigerian Pidgin Oromo Tshiluba Tshivenda Twi Umbundu Lugbara Luguru Pular Gussi Maasai Turkana Moba Nuer Shilluk Tamasheq Makonde Bemba Fon Hadiyya Ibibio Kimbundu Kimiiru Lango Liberian Kreyol Lomwe Mende Morisyen Ndau Nyankole Sena Sidamo Soga Songe Sukuma Tarifit Teso Tiv Zande Dagbani Benua Australia Selandia Baru Papua Nugini Basa Lawas Aram Latin Esperanto 1 1 1 KJS 2017 KJS 2017JVN 200919811 1 1 2 TIMOTEUS PURWANING DUMADIPANGENTASANKAIMAMANWILANGANPANGANDHARING TORETYUSAKPARA HAKIMRUT1 SAMUEL2 SAMUEL1 PARA RAJA2 PARA RAJA1 BABAD2 BABADEZRANEHEMYAESTERAYUBJABURWULANG BEBASANKOHELETMUSTHIKANING KIDUNGYESAYAYEREMIAKIDUNG PANGADHUHYEHESKIELDHANIELHOSEAYOELAMOSOBAJAYUNUSMIKHANAHUMHABAKUKZEFANYAHAGAIZAKHARIAMALEAKHI--- --- ---MATEUSMARKUSLUKASYOKANANLELAKONE PARA RASULRUM1 KORINTA2 KORINTAGALATIEFESUSFILIPIKOLOSE1 TESALONIKA2 TESALONIKA1 TIMOTEUS2 TIMOTEUSTITUSFILEMONIBRANIYAKOBUS1 PETRUS2 PETRUS1 YOKANAN2 YOKANAN3 YOKANANYUDASWAHYU1 1 1 1 12341 1 1 : 1 1234567891011121314151617181 1 1 Javanese Bible 1981 2 TIMOTEUS 1 Simpen Cathetan 1Saka Paulus, rasule Gusti Kristus Yesus kang awit saka karsaning Allah, supaya martakake prasetyan bab urip ing sajrone Gusti Kristus,2marang Timoteus, anakku kang kinasih: sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Sang Rama lan Gusti Kristus Yesus, Gusti kita, nunggila ing kowe.3Aku saos sokur marang Gusti Allah, kang dakladosi kalawan rumangsaning ati kang resik, kaya kang dilakoni dening para leluhurku. Sarta sajroning panyuwunku aku tansah eling marang kowe, rina wengi.4Lan manawa aku kelingan marang anggonmu ngruntuhake luh, aku banjur kapengin ndeleng kowe maneh, supaya aku kapenuhana ing kabungahan.5Amarga aku kelingan marang pracayamu kang tulus eklas, yaiku pracaya kang biyen wus dumunung ana ing embahmu Lois lan ibumu Eunike apadene kang manut keyakinanku uga dumunung ana ing kowe.6Iya marga saka iku kowe dakelingake supaya kowe nggrengsengake sih-peparinging Allah kang ana ing kowe sarana daktumpangi tanganku.7Awit kang diparingake dening Gusti Allah marang kita iku dudu rohing kajirihan, nanging roh kang nukulake kakuwatan, katresnan lan katertiban.8Mulane aja isin nglairake paseksen bab Gusti kita sarta aja isin marga saka aku, kang dadi wong ukuman marga saka Panjenengane, nanging melua nandhang sangsara kanggo Injile, kalawan kakuwataning Allah,9kang paring karahayon marang kita lan nimbali kita kalawan timbalan kang suci, ora adhedhasar panggawe kita, nanging adhedhasar karsa lan sih-rahmate piyambak, kang wus kaparingake marang kita ing sajroning Sang Kristus Yesus ing sadurunge purwaning jaman.10Sarta kang saiki kawujudake ana ing rawuhe Sang Juruwilujeng kita Gusti Yesus Kristus kang wus nyirnakake pati sarta nggiyarake urip kang ora bisa rusak.11Iya Injil iki kang netepake aku dadi juru pawarta, dadi rasul lan dadi guru.12Iya iku kang njalari aku nandhang sangsara iki kabeh, nanging aku ora isin, sabab aku sumurup sapa kang dakandelake sarta aku yakin, yen Panjenengane iku kuwaos rumeksa marang apa kang wis dipitayakake marang aku nganti tumeka ing Dinaning Pangeran.13Apa kang wus kokrungu saka aku iku antepana, dadia tuladha piwulang kang bener-becik lan lakonana sajroning pracaya lan katresnan ana ing Sang Kristus Yesus.14Rajabrana kang endah, kang wus dipitayakake dening Panjenengane marang kita iku reksanen kalawan Roh Suci, kang dedalem ana ing kita.15Kowe wis sumurup, manawa wong-wong ing tlatah Asia-Cilik iku padha nyingkur marang aku; kalebu Figelus lan Hermogenes.16Muga Gusti karsaa paring sih-rahmate marang brayat Onesiforus, kang wus bola-bali gawe segering atiku. Dheweke ora isin niliki aku menyang ing pakunjaran.17Nalika ana ing kutha Rum, dheweke ngudi nggoleki aku lan iya wis bisa ketemu karo aku.18Muga Gusti karsa maringake sih-rahmate marang dheweke mbesuk ing dinane. Kaya apa anggone leladi ana ing Efesus iku kowe luwih mangreti tinimbang aku.Javanese Bible 1981 Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981 Javanese Bible 1981 2 TIMOTEUS 1 00:00:00 00:00:00 0.5x 2.0x https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/2timothy/001.mp3 4 1