× Basa Eropa Rusia Belarusian Ukraina Basa Polandia Serbia Bulgaria Slowakia Ceko Romania Moldova Azerbaijan Armenia Georgia Albania Avar Bashkir Tatar Chechen Slovenia Kroasia Estonia Latvia Basa Lithuania Hungaria Basa Finlandia Norwegia Swedia Islandia Yunani Basa Makedonia Jerman Bavarian Walanda Denmark Welsh Basa gael Irlandia Prancis Basque Catalan Italia Galatia Romani Bosnian Amerika Utara Basa inggris Amerika Selatan Spanyol Portugis Guarani Quechuan Aymara Amerika Tengah Jamaika Nahuatl Kiche Qeqchi Haiti Asia Wétan Cina Jepang Korea Mongolia Uyghur Hmong Asia Wétan Kidul Malaysia Burma Chin Nepal Cebuano Tagalog Kamboja Thai Indonesia Vietnam Jawa Lao Iban IuMien Kachin Lahu Aceh Balinese Bugis Pampanga Sasak Shan Waray Asia Kidul Hindi Оdia Awadhi Mizo Kannada Malayalam Marathi Gujarati Tamil Telugu Punjabi Kurukh Assam Maithili Basa Benggala Basa Urdu Sinhala Dogri Haryanvi Meitei Konkani Santali Sindhi Koya Thado Sanskrit Devanagari Adilabad Gondi Ahirani Balochi Bundeli Chhattisgarhi Garhwali Kangri Kumaoni Mewari Munda Sadri Seraiki Shekhawati Sylheti Asia Tengah Kyrgyz Uzbek Tajik Turki Kazakhstan Karakalpak Timur Tengah Turki Basa Ibrani Arab Persia Kurdi Pashto Koptik Afrika Afrika Xhosa Zulu Ndebele Sotho Amharic Wolaytta Nigeria Mossi Ika Dinka Kabyle Ewe Swahili Maroko Somalia Shona Madagaskar Igbo Lingala Baoule Siswati Tsonga Tswana Gambian Yoruba Kamba Kinyarwanda Hausa Chewa Luo Makua Dyula Fulfulde Kalenjin Kikuyu Kikwango Kirundi Krio Nigerian Pidgin Oromo Tshiluba Tshivenda Twi Umbundu Lugbara Luguru Pular Gussi Maasai Turkana Moba Nuer Shilluk Tamasheq Makonde Bemba Fon Hadiyya Ibibio Kimbundu Kimiiru Lango Liberian Kreyol Lomwe Mende Morisyen Ndau Nyankole Sena Sidamo Soga Songe Sukuma Tarifit Teso Tiv Zande Dagbani Benua Australia Selandia Baru Papua Nugini Basa Lawas Aram Latin Esperanto 1 1 1 KJS 2017 KJS 2017JVN 200919811 1 1 FILEMON PURWANING DUMADIPANGENTASANKAIMAMANWILANGANPANGANDHARING TORETYUSAKPARA HAKIMRUT1 SAMUEL2 SAMUEL1 PARA RAJA2 PARA RAJA1 BABAD2 BABADEZRANEHEMYAESTERAYUBJABURWULANG BEBASANKOHELETMUSTHIKANING KIDUNGYESAYAYEREMIAKIDUNG PANGADHUHYEHESKIELDHANIELHOSEAYOELAMOSOBAJAYUNUSMIKHANAHUMHABAKUKZEFANYAHAGAIZAKHARIAMALEAKHI--- --- ---MATEUSMARKUSLUKASYOKANANLELAKONE PARA RASULRUM1 KORINTA2 KORINTAGALATIEFESUSFILIPIKOLOSE1 TESALONIKA2 TESALONIKA1 TIMOTEUS2 TIMOTEUSTITUSFILEMONIBRANIYAKOBUS1 PETRUS2 PETRUS1 YOKANAN2 YOKANAN3 YOKANANYUDASWAHYU1 1 1 1 11 1 1 : 1 123456789101112131415161718192021222324251 1 1 FILEMON 1 Simpen Cathetan 1Saka Paulus, wong ukuman marga saka Gusti Kristus Yesus, lan saka sadulur kita Timoteus, marang Filemon kang kinasih, rewangku nyambut-gawe,2lan marang sadulurku wadon Apfia, sarta marang Arkhipus, kanca tunggal gawe, tuwin marang pasamuwan kang ana ing omahmu.3Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus, anaa ing kowe kabeh.4Aku saos sokur marang Allahku, samangsa aku ngelingi kowe sajrone pandongaku,5sabab aku wus krungu bab katresnanmu marang para suci lan bab pracayamu marang Gusti Yesus.6Lan aku ndongakake, supaya anggonmu padha tunggal pracaya iku sabiyantu nuju marang kawruh kang utama ana ing antara kita kagem Sang Kristus.7Saka tumindaking katresnanmu, aku rumangsa oleh kabungahan gedhe, lan kasantosan marga kowe wus nglejarake atine para suci, sadulurku!8Marga saka iku, sanadyan ana sajroning patunggilane Gusti Kristus, aku duwe wewenang mrentahi kowe, bab apa kang wajib koklakoni,9ewasamono ngelingi tumindaking katresnanmu iku, luwih prayoga yen aku nglairake panjaluk marang kowe mangkene: Aku Paulus kang wus ngancik tuwa, luwih-luwih saiki kinunjara marga saka Gusti Kristus Yesus,10duwe panjaluk marang kowe, bab anakku kang daktemu sajrone aku kinunjara, yaiku Onesimus,11kang ing maune ora migunani marang kowe, nanging saiki maedahi banget, iya marang kowe iya marang aku.12Dheweke dakpurih bali melu kowe, sanadyan iku woding atiku.13Satemene maune arep dakendheg ana ing pakunjaran, minangka sesulihmu ngladeni aku sajrone kinunjara marga saka Injil,14nanging sadurunge ana palilahmu aku ora wani tumindak, supaya prakara kang becik iku aja nganti anggonmu nindakake kanthi kapeksa, nanging bisaa kanthi lega lila.15Sabab bokmanawa sarana patrap mangkono iku pisahe karo kowe ing sawatara mangsa iku njalari kowe bisa mengku dheweke ing salawase,16ora kaya batur maneh, nanging luwih saka mangkono, yaiku kayadene sadulur kang kinasih. Iya kaya mangkono iku pangrengkuhku, saya maneh tumrap kowe, dadia cara kamanungsan dadia ana ing Gusti.17Yen aku kokanggep kanca tunggal pracaya, dheweke iya tampanana kaya anggonmu nampani aku.18Dene yen kirane dheweke wus gawe pitunamu, utawa dheweke utang marang kowe, jibahna kabeh marang aku,19aku Paulus kang nanggung kanthi daktulis dhewe, iya aku kang bakal nglironi, prelune aja nganti aku muni: “Kabeh iku dadi tanggunganmu,” awit kowe padha duwe utang marang aku, yaiku awakmu dhewe.20He, sadulurku, muga kowe migunanana tumrap aku ana ing Gusti. Lipuren atiku ana ing Gusti Kristus.21Anggonku nulis layang marang kowe iki kanthi pangandel yen kowe bakal miturut. Aku sumurup yen tumindakmu bakal luwih saka panjalukku.22Kajaba saka iku aku iya cawisana papan pamondhokan, marga saka pandongamu, aku duwe pangarep-arep yen aku bakal kaparingake marang kowe kabeh maneh.23Salam marang kowe saka Epafras, kancaku kinunjara marga saka Gusti Kristus Yesus,24lan saka Markus, Aristarkhus, Dhemas lan Lukas padha kancaku ing gawe.25Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus nunggila ing sukmamu.Javanese Bible 1981 Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981 Javanese Bible 1981 FILEMON 1 00:00:00 00:00:00 0.5x 2.0x https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/philemon/001.mp3 1 1