× Basa Eropa Rusia Belarusian Ukraina Basa Polandia Serbia Bulgaria Slowakia Ceko Romania Moldova Azerbaijan Armenia Georgia Albania Avar Bashkir Tatar Chechen Slovenia Kroasia Estonia Latvia Basa Lithuania Hungaria Basa Finlandia Norwegia Swedia Islandia Yunani Basa Makedonia Jerman Bavarian Walanda Denmark Welsh Basa gael Irlandia Prancis Basque Catalan Italia Galatia Romani Bosnian Amerika Utara Basa inggris Amerika Selatan Spanyol Portugis Guarani Quechuan Aymara Amerika Tengah Jamaika Nahuatl Kiche Qeqchi Haiti Asia Wétan Cina Jepang Korea Mongolia Uyghur Hmong Asia Wétan Kidul Malaysia Burma Chin Nepal Cebuano Tagalog Kamboja Thai Indonesia Vietnam Jawa Lao Iban IuMien Kachin Lahu Aceh Balinese Bugis Pampanga Sasak Shan Waray Asia Kidul Hindi Оdia Awadhi Mizo Kannada Malayalam Marathi Gujarati Tamil Telugu Punjabi Kurukh Assam Maithili Basa Benggala Basa Urdu Sinhala Dogri Haryanvi Meitei Konkani Santali Sindhi Koya Thado Sanskrit Devanagari Adilabad Gondi Ahirani Balochi Bundeli Chhattisgarhi Garhwali Kangri Kumaoni Mewari Munda Sadri Seraiki Shekhawati Sylheti Asia Tengah Kyrgyz Uzbek Tajik Turki Kazakhstan Karakalpak Timur Tengah Turki Basa Ibrani Arab Persia Kurdi Pashto Koptik Afrika Afrika Xhosa Zulu Ndebele Sotho Amharic Wolaytta Nigeria Mossi Ika Dinka Kabyle Ewe Swahili Maroko Somalia Shona Madagaskar Igbo Lingala Baoule Siswati Tsonga Tswana Gambian Yoruba Kamba Kinyarwanda Hausa Chewa Luo Makua Dyula Fulfulde Kalenjin Kikuyu Kikwango Kirundi Krio Nigerian Pidgin Oromo Tshiluba Tshivenda Twi Umbundu Lugbara Luguru Pular Gussi Maasai Turkana Moba Nuer Shilluk Tamasheq Makonde Bemba Fon Hadiyya Ibibio Kimbundu Kimiiru Lango Liberian Kreyol Lomwe Mende Morisyen Ndau Nyankole Sena Sidamo Soga Songe Sukuma Tarifit Teso Tiv Zande Dagbani Benua Australia Selandia Baru Papua Nugini Basa Lawas Aram Latin Esperanto 1 1 1 KJS 2017 KJS 2017JVN 200919811 1 1 YAKOBUS PURWANING DUMADIPANGENTASANKAIMAMANWILANGANPANGANDHARING TORETYUSAKPARA HAKIMRUT1 SAMUEL2 SAMUEL1 PARA RAJA2 PARA RAJA1 BABAD2 BABADEZRANEHEMYAESTERAYUBJABURWULANG BEBASANKOHELETMUSTHIKANING KIDUNGYESAYAYEREMIAKIDUNG PANGADHUHYEHESKIELDHANIELHOSEAYOELAMOSOBAJAYUNUSMIKHANAHUMHABAKUKZEFANYAHAGAIZAKHARIAMALEAKHI--- --- ---MATEUSMARKUSLUKASYOKANANLELAKONE PARA RASULRUM1 KORINTA2 KORINTAGALATIEFESUSFILIPIKOLOSE1 TESALONIKA2 TESALONIKA1 TIMOTEUS2 TIMOTEUSTITUSFILEMONIBRANIYAKOBUS1 PETRUS2 PETRUS1 YOKANAN2 YOKANAN3 YOKANANYUDASWAHYU1 1 1 1 123451 1 1 : 1 1234567891011121314151617181920212223242526271 1 1 Javanese Bible 1981 YAKOBUS 1 Simpen Cathetan 1Salam saka Yakobus, abdine Gusti Allah sarta Gusti Yesus Kristus, marang taler rolas kang padha ana ing tanah manca.2He, para sadulurku, anggepen sawijining kamulyan, manawa kowe padha kataman ing panyoba warna-warna,3jalaran kowe padha sumurup, manawa pandadaran tumrap pracaya iku nuwuhake sabar mantep.4Sarta sabar mantep iku kareben metokake woh kang sampurna, supaya kowe dadi sampurna lan mulus, sarta ora kekurangan sawiji apa.5Dene manawa panunggalanmu ana kang kekurangan kawicaksanan, iku nyuwuna marang Gusti Allah, kang maringi marang sakabehing wong kanthi eklas, ora kanthi ngundhat-undhat, sarta bab iku bakal kaparingake marang dheweke.6Mung bae panyuwune iku kang kanthi pracaya sarta aja nganggo mangu-mangu, jalaran wong kang mangu-mangu iku padha bae karo ombaking sagara, kang katempuh ing angin mawalikan mrana-mrene.7Wong kang mangkono iku aja duwe pangira, manawa bakal oleh apa-apa saka Pangeran.8Jalaran wong kang atine mangro, ora bakal tentrem uripe.9Sadulur kang asor iku nggunggunga ing bab kaluhurane,10sarta kang sugih iku nggunggunga ing bab kaasorane, jalaran bakal sirna kaya kembanging suket.11Jalaran srengenge sawise mlethek kanthi panase kang sumelet, banjur nggaringake suket iku, temahan gogrog kembange, ilang kaendahane. Mangkono uga wong sugih iya bakal sirna ing sajrone pambudi-dayane.12Rahayu wong kang tanggon sajrone kena ing panyoba, jalaran manawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning kauripan, kang wis kaprasetyakake dening Gusti Allah marang wong kang padha tresna ing Panjenengane.13Manawa ana wong kang kena ing panggodha aja ngucap mangkene: “Aku digodha dening Allah.” Jalaran Gusti Allah ora bisa digodha dening piala, sarta Gusti Allah ora nggodha marang wong.14Nanging saben wong digodha dening pepenginane dhewe, jalaran disered sarta dibujuk dening pepenginane dhewe.15Sarta manawa pepenginan iku wus ngandhut, mbanjur manak dosa, sarta manawa dosa iku wus mateng bakal nglairake pati.16He, para sadulur kang daktresnani, aja padha kesasar!17Angger peparing kang becik sarta ganjaran kang sampurna iku saka ing luhur, tumurun saka ing Ramane sakehing pepadhang, kang ora owah gingsir utawa ora ana empering pamalike.18Marga saka karsane piyambak Panjenengane wus mbabarake kita srana pangandikaning kayekten, supaya kita padha ana ing tataran kang gumathok, yaiku dadi putra pambarep ing antarane para titahe kabeh.19He para sadulur kang daktresnani, elinga marang bab iki: saben wong dienggal manawa ngrungokake, nanging disareh manawa calathu, mangkono uga ditamban manawa nepsu;20jalaran nepsune manungsa iku ora ndadekake kang bener ana ing ngarsane Allah.21Mulane padha biraten sarupaning rereged sarta piala kang kaliwat akeh lan tampanana kanthi legawaning ati pangandika kang katandur ing atimu, kang bisa nylametake nyawamu.22Nanging padha nglakonana ing pangandika, aja mung ngrungokake bae, jalaran manawa ora mangkono kowe ngapusi awakmu dhewe.23Sabab manawa wong mung ngrungokake pangandika bae, mangka ora nganggo dilakoni, iku kayadene wong kang lagi namatake raine dhewe kang sanyata ana ing pangilon.24Sawise ndeleng awake dhewe, salungane tumuli wis lali kaya apa rupane.25Nanging sing sapa nliti angger-angger kang sampurna yaiku angger-angger kang mardikakake manungsa, sarta nganggo diantepi, dadi ora mung ngrungokake banjur lali, nanging nglakoni temenan, iku bakal rahayu marga saka panggawene dhewe mau.26Saupama ana wong kang rumangsa ngibadah, mangka ora mekak ilate, iku ngapusi awake dhewe, lan pangibadahe tanpa guna.27Pangibadah kang murni sarta tanpa cacad ana ing ngarsaning Allah, Rama kita, yaiku niliki bocah lola sarta para randha sajroning kasusahane lan njaga supaya awake dhewe aja nganti kena ing jejembering donya.Javanese Bible 1981 Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981 Javanese Bible 1981 YAKOBUS 1 00:00:00 00:00:00 0.5x 2.0x https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/james/001.mp3 5 1