× Basa Eropa Rusia Belarusian Ukraina Basa Polandia Serbia Bulgaria Slowakia Ceko Romania Moldova Azerbaijan Armenia Georgia Albania Avar Bashkir Tatar Chechen Slovenia Kroasia Estonia Latvia Basa Lithuania Hungaria Basa Finlandia Norwegia Swedia Islandia Yunani Basa Makedonia Jerman Bavarian Walanda Denmark Welsh Basa gael Irlandia Prancis Basque Catalan Italia Galatia Romani Bosnian Amerika Utara Basa inggris Amerika Selatan Spanyol Portugis Guarani Quechuan Aymara Amerika Tengah Jamaika Nahuatl Kiche Qeqchi Haiti Asia Wétan Cina Jepang Korea Mongolia Uyghur Hmong Asia Wétan Kidul Malaysia Burma Chin Nepal Cebuano Tagalog Kamboja Thai Indonesia Vietnam Jawa Lao Iban IuMien Kachin Lahu Aceh Balinese Bugis Pampanga Sasak Shan Waray Asia Kidul Hindi Оdia Awadhi Mizo Kannada Malayalam Marathi Gujarati Tamil Telugu Punjabi Kurukh Assam Maithili Basa Benggala Basa Urdu Sinhala Dogri Haryanvi Meitei Konkani Santali Sindhi Koya Thado Sanskrit Devanagari Adilabad Gondi Ahirani Balochi Bundeli Chhattisgarhi Garhwali Kangri Kumaoni Mewari Munda Sadri Seraiki Shekhawati Sylheti Asia Tengah Kyrgyz Uzbek Tajik Turki Kazakhstan Karakalpak Timur Tengah Turki Basa Ibrani Arab Persia Kurdi Pashto Koptik Afrika Afrika Xhosa Zulu Ndebele Sotho Amharic Wolaytta Nigeria Mossi Ika Dinka Kabyle Ewe Swahili Maroko Somalia Shona Madagaskar Igbo Lingala Baoule Siswati Tsonga Tswana Gambian Yoruba Kamba Kinyarwanda Hausa Chewa Luo Makua Dyula Fulfulde Kalenjin Kikuyu Kikwango Kirundi Krio Nigerian Pidgin Oromo Tshiluba Tshivenda Twi Umbundu Lugbara Luguru Pular Gussi Maasai Turkana Moba Nuer Shilluk Tamasheq Makonde Bemba Fon Hadiyya Ibibio Kimbundu Kimiiru Lango Liberian Kreyol Lomwe Mende Morisyen Ndau Nyankole Sena Sidamo Soga Songe Sukuma Tarifit Teso Tiv Zande Dagbani Benua Australia Selandia Baru Papua Nugini Basa Lawas Aram Latin Esperanto 1 1 1 KJS 2017 KJS 2017JVN 200919811 1 1 WAHYU PURWANING DUMADIPANGENTASANKAIMAMANWILANGANPANGANDHARING TORETYUSAKPARA HAKIMRUT1 SAMUEL2 SAMUEL1 PARA RAJA2 PARA RAJA1 BABAD2 BABADEZRANEHEMYAESTERAYUBJABURWULANG BEBASANKOHELETMUSTHIKANING KIDUNGYESAYAYEREMIAKIDUNG PANGADHUHYEHESKIELDHANIELHOSEAYOELAMOSOBAJAYUNUSMIKHANAHUMHABAKUKZEFANYAHAGAIZAKHARIAMALEAKHI--- --- ---MATEUSMARKUSLUKASYOKANANLELAKONE PARA RASULRUM1 KORINTA2 KORINTAGALATIEFESUSFILIPIKOLOSE1 TESALONIKA2 TESALONIKA1 TIMOTEUS2 TIMOTEUSTITUSFILEMONIBRANIYAKOBUS1 PETRUS2 PETRUS1 YOKANAN2 YOKANAN3 YOKANANYUDASWAHYU1 1 1 1 123456789101112131415161718192021221 1 1 : 1 12345678910111213141516171819201 1 1 Javanese Bible 1981 WAHYU 1 Simpen Cathetan 1Iki wahyune Gusti Yesus Kristus, kang kaparingake dening Gusti Allah marang Panjenengane, supaya katedahake marang para abdine bab apa kang pinasthi bakal enggal kalakon. Sarta Panjenengane wus medharake bab iku marang Yokanan abdine, lumantar malaekat utusane.2Yokanan wus nekseni bab pangandikane Gusti Allah lan bab paseksen kang kaparingake dening Gusti Yesus Kristus, yaiku sabarang apa kang wus dideleng.3Rahayu wong kang macakake lan para wong kang ngrungokake pangandika pamedhar wangsit iki sarta kang netepi apa kang katulisan ing jerone, awit wektune wis cedhak.4Saka Yokanan marang pasamuwan pepitu kang ana ing tanah Asia-Cilik: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh, saka Panjenengane, kang ana lan kang wus ana sarta kang bakal rawuh, apadene saka roh pepitu kang padha ana sangareping dhampar,5sarta maneh saka Gusti Yesus Kristus, Seksi kang setya, kang dhisik dhewe wungu saka ing antarane wong mati lan kang nguwaosi sakehing ratu ing bumi iki. Panjenengane, kang ngasihi kita lan kang wus mbirat dosa kita kalawan rahe, --6lan kang wus ngangkat kita dadi sawijining karajan, padha dadi imam sumaos marang Gusti Allah, kang Rama, -- iya kagem Panjenengane iku kamulyan lan panguwasa nganti ing salawas-lawase. Amin.7Kawruhana, Panjenengane rawuh nitih mega lan saben mripat bakal ndeleng Panjenengane, dalah wong kang wus padha nyubles Panjenengane. Sarta sakehing bangsa ing salumahing bumi bakal sambat-sambat marga saka Panjenengane. Iya, Amin.8“Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, Pangandikane Gusti Allah kang ana, lan kang wus ana, sarta kang bakal rawuh, kang Mahakuwasa.”9Aku, Yokanan, sadulur lan panunggalanmu ing sajroning kasusahan, ing sajroning Karajan sarta ing sajroning kamantepan nganti-anti marang Gusti Yesus, lagi ana ing pulo kang aran Patmos marga saka pangandikane Gusti Allah lan paseksen kang kaparingake dening Gusti Yesus.10Mbeneri ing dinane Gusti, aku linimputan ing Roh lan aku krungu swara seru ana ing buriku kaya unine kalasangka,11pangandikane: “Apa kang sira deleng, iku tulisana ing kitab lan kirimna marang pasamuwan pepitu iki: marang Efesus, marang Smirna, marang Pergamus, marang Tiatira, marang Sardhis, marang Filadhelfia lan marang Laodhikia.”12Aku tumuli noleh arep meruhi swara kang mangandikani aku iku. Lan sawuse noleh, sumurup ana padamaran mas pitu.13Sarta ing tengah-tengahe padamaran pitu mau ana kang madha warna Putraning Manungsa, ngagem jubah kang dawane nganti klengsreh tekan ing sampeyane, lan jajane apaningset emas.14Mustaka lan remane putih kaya wulu wedhus gembel, lan tingale kaya urubing geni.15Sampeyane kaya tembaga mengangah ing sajroning prapen; swarane kaya gumrojoging banyu akeh.16Astane kang tengen ngasta lintang pitu sarta tutuke ngetokake pedhang kang landhep kiwa-tengen, wedanane sumorot sumelet kaya srengenge.17Nalika weruh Panjenengane, aku tumuli ambruk ana ing ngarsaning sampeyane kaya wong mati; nanging aku banjur ditumpangi astane kang tengen, banjur ngandika, “Aja wedi! Ingsun iki Kang Wiwitan lan Kang Wekasan,18lan Kang Gesang, Ingsun wus seda, nanging wruhanira, Ingsun gesang nganti salawas-lawase apa maneh Ingsun ngasta sakabehing kuncine pati lan kratone pati.19Marga saka iku tulisana apa kang wus sira deleng, iya kang kalakon ing samengko tuwin kang bakal kalakon ing tembe.20Mungguh wadine lintang pitu kang sira deleng ana ing astaningSun tengen lan padamaran mas pitu iku mangkene: Lintang pitu ikumalaekate pasamuwan pitu lan padamaran mas pitu iku pasamuwan pepitu.”Javanese Bible 1981 Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981 Javanese Bible 1981 WAHYU 1 00:00:00 00:00:00 0.5x 2.0x https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/revelation/001.mp3 22 1