1. Iki pangandikane Nabi Yeremia bin Hilkia, tedhak turune para imam ing Anatot ing tanah Benyamin.
2. Nalika jamane Sang Prabu Yosia bin Amon, ratu ing Yehuda, ing taun kang kaping telulase anggone ngasta paprentahan, ana pangandikane Sang Yehuwah, kang kadhawuhake marang Nabi Yeremia.
3. Pangandikane iku uga kadhawuhake nalika jamane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia ratu ing Yehuda, nganti tumeka ing wekasane taun kang kaping sawelase jumenenge Sang Prabu Zedhekia bin Yosia ratu ing Yehuda, nganti tumeka para wong kang manggon ing Yerusalem padha kaangkatake menyang ing pambuwangan, ing sajroning sasi kalima.
4. Pangandikane Pangeran Yehuwah kadhawuhake marang aku, mangkene:
5. “Sadurunge Ingsun nggatra sira ana ing guwa-garbane biyungira, Ingsun wus nguningani sira, lan sadurunge sira metu saka ing wetengan, Ingsun wus nyengker sira, Ingsun wus netepake sira dadi nabine sakehing bangsa.”
6. Dene unjuk wangsulanku: “Dhuh Pangeran Yehuwah! Sajatosipun kawula punika boten saged wicanten, awit kawula taksih nem.”
7. Ewadene Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Sira aja matur: Kawula punika taksih enem, nanging menyanga enggone sapa bae sira Sunutus, sira kudu mangkat, lan apaa bae kang Sundhawuhake marang sira, kudu sira tekakake.
8. Aja sira wedi marang wong-wong iku, amarga Ingsun nganthi sira supaya ngluwari sira, mangkono dhawuh pangandikane Sang Yehuwah.”
9. Sang Yehuwah tumuli mulung astane lan ndumuk cangkemku; Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Lah Ingsun maringake dhawuhingSun ana ing cangkemira.
10. Wruhanira, ing dina iki Ingsun njujung sira dadi ana ing sadhuwuring bangsa-bangsa lan karajan-karajan, supaya mbedhol lan ngrubuhake, ngrusak lan nggempuri, apadene mbangun lan nandur.”
11. Sawise iku ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: “He Yeremia, apa sing sira deleng?” Unjukku: “Kawula ningali wit saked.”
12. Pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Bener pandelengira, amarga Ingsun wus arep nindakake dhawuh pangandikaningSun.”
13. Dhawuh pangandikane Sang Yehuwah kang kapindhone marang aku: “Apa kang sira deleng?” Atur wangsulanku: “Kawula ningali kendhil ingkang umob, dhatengipun saking sisih ler.”
14. Sang Yehuwah nuli ngandika marang aku: “Saka ing sisih lor bakal ana bilai kang ngamuk nempuh sakehing wong kang manggon ing nagara kene.
15. Awit lah Ingsun nimbali sakehing gotrahing karajan ing sisih lor, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, lan wong-wong iku bakal padha ngedegake dhamparing kratone dhewe-dhewe ana ing sangareping gapurane Yerusalem, ing sacedhaking balowarti ing sakubenge lan ing sacedhake sakehing kuthane Yehuda.
16. Ingsun bakal banjur ndhawahake paukumaningSun marang wong-wong iku, awit saka sakehing pialane, amarga wus padha nyingkur Ingsun, klawan aweh kurban marang allah liyane, lan sujud nyembah marang gaweaning tangane dhewe.
17. Nanging sira iki, becik samektaa, ngadega lan tekakna marang wong-wong iku, kabeh kang Sundhawuhake marang sira. Aja wedi ana ing ngarepe wong-wong iku, supaya Ingsun aja ndadekake wedimu ana ing ngarepe wong-wong iku.
18. Mungguh Ingsun, lah ing dina iki sira Sundadekake beteng kang santosa, saka guru wesi lan balowarti tembaga, nglawan sawarataning nagara iki, nglawan para raja ing Yehuda lan para panggedhene, para imame sarta rakyate nagara iki.
19. Wong-wong iku bakal padha merangi sira, nanging sira ora bakal kalah, amarga Ingsun nganthi sira, supaya ngluwari sira, mangkono dhawuh pangandikane Sang Yehuwah.”
1. Pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
2. “Mangkata ngandhanana wong saisining Yerusalem: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun kengetan marang katresnanira ing wektu nom-nomanira, marang katresnanira nalika sira dadi temanten, anggonira ngetutwuri Ingsun ana ing ara-ara samun, ing tanah kang ora ana tetuwuhane.
3. Ing nalika samana Israel dadi sesengkerane Sang Yehuwah, minangka woh kawitan saka panenane. Sakehe wong kang mangan mesthi kaluputan, tinempuh ing bilai, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
4. He tedhak turune Yakub, rungokna pangandikane Sang Yehuwah, he sakehe kulawargane tedhak turune Israel.
5. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Para leluhurira ngalami kaculikan apa saka Ingsun dene padha ngedohi Ingsun, lan banjur ngetutwuri dewa kang tanpa paedah temah padha ora oleh apa-apa?
6. Sarta kok padha ora takon maneh: Ana ing ngendi Sang Yehuwah, kang ngirid kita metu saka ing tanah Mesir; kang nganthi kita ana ing ara-ara samun, ing tanah kang cengkar lan legak-legok, ing tanah kang luwih dening garing lan peteng, ing tanah kang ora diambah ing wong lan ora didunungi ing manungsa?
7. Sira wus Sunirid menyang ing tanah kang loh, supaya ngrasakna wohe lan sapametune kabeh kang becik saka ing kono. Nanging bareng sira wus lumebu ing tanahingSun, iku sira najisake, tanah kagunganingSun sira dadekake jejember.
8. Para imam ora takon maneh: Sang Yehuwah ana ing ngendi? Para wong kang nyekel angger-angger wus ora wanuh marang Ingsun maneh, lan para pangon padha nyingkur Ingsun. Para nabi padha memeca demi Baal, padha ngetutwuri marang kang tanpa guna.
9. Mulane Ingsun bakal prakaran maneh kalawan sira kabeh, lan karo anak putunira Ingsun bakal prakaran, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
10. Nyabranga bae menyang ing tanah pesisire wong Kitim lan sawangen; kongkonana wong menyang ing Kedar lan gatekna temenan! Setitekna apa ana kang kelakon kaya mangkene iki!
11. Apa ana bangsa kang ngijolake allahe, sanadyan iku satemene dudu allah? Nanging umatingSun padha ngijolake Kaluhurane karo kang ora ana gunane.
12. He langit, kaebatana marga saka kang kaya mangkono iku, ndhredhega lan gumetera kang luwih banget, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
13. Amarga umatingSun nglakoni dosa kaping pindho: padha nyingkur Ingsun, kang dadi tuking banyu urip, nedya ndhudhuk blumbang kanggo awake dhewe, yaiku blumbang kang borot, kang ora bisa madhahi banyu.
14. Israel iku batur tukon, apa anaking batur? Geneya kok dadi jarahan?
15. Singa nom padha nggero marang bangsa iku, kalawan swara kang dumeling, tanahe didadekake cengkar, kutha-kuthane diobongi, ora dienggoni maneh.
16. Dalasan para wong ing Memfis lan Takhpanhes padha nggundhuli pathaking sirahira.
17. Rak sira dhewe kang njalari sira ketaman kang kaya mangkono iku, amarga sira nyingkur Sang Yehuwah, Gusti Allahira, nalika Panjenengane ngirid sira ana ing dedalan?
18. Lah saiki, apa oleh-olehanira anggonira lunga menyang ing Mesir, apa arep ngombe banyune bengawan Nil? Lan apa bathinira anggonira lunga menyang ing Asyur, apa arep ngombe banyune bengawan Efrat?
19. Pialanira bakal ngrangket sira, lan pamurtadira bakal nyiksa sira! Wruhanira lan waspadakna, sapira ala lan perihe sira nyingkur Sang Yehuwah, Gusti Allahira iku; sarta ora gumeter wedi marang Ingsun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi.
20. Amarga wiwit biyen mula anggonira mutungi pasanganira lan medhoti talining cancanganira, sarta kandha: Aku emoh ngawula maneh. Malah ana ing saben tetengger kang munggul, lan ana ing sangisoring wit kang ngrembuyung, sira teturon lan laku jina.
21. Ewadene sira Suntuwuhake dadi wit anggur pilihan, lan dadi wiji kang murni satuhu. Yagene ta, dene sira kok malih dadi wit kang mambu penguk, dadi wit anggur alasan!
22. Malah, sanadyan sira adusa ing banyu landha lan nganggo sabun akeh, ewadene blentonging kaluputanira ora ilang ana ing paningalingSun, mangkono pangandikane Gusti Allah.
23. Kapriye dene sira kok wani ngucap: Aku ora tau najisake awakku, aku ora tau ngetutwuri para Baal? Delengen tindak-tandukira ana ing lebak, kawruhana apa kang wus sira lakoni; he, unta wadon kang cancingan lan mloya-mlayu mrana-mrene,
24. kang mbedhal mlayu menyang ing ara-ara samun, amarga kepengin ngisis! Sapa kang bisa ngampah anggone kasmaran? Kabeh kang nggoleki dheweke, ora prelu rekasa, bakal padha ketemu ing mangsa jejodhoan.
25. Jaganen, supaya sikilira aja nganti ora nganggo trumpah, lan gorokanira aja nganti kasatan! Nanging sira ngucap: Tanpa gina! Tanpa gina! Amargi kawula remen dhateng tiyang-tiyang ngamanca, mila kawula badhe ngetutwingking tiyang-tiyang punika.
26. Kayadene wiranging maling kang konangan, mangkono anggone turune Israel kawirangan, yaiku para ratune, panggedhene, para imame lan nabine,
27. kang celathu marang kayu satengkel: Panjenengan punika bapak kula! lan marang watu: Panjenengan punika ingkang nglairaken kula! Sanyata, padha nyingkur marang Ingsun temenan lan ora ngadhepake raine marang Ingsun, nanging baereng katempuh ing bebaya, nuli matur: Paduka mugi karsaa mitulungi kawula!
28. Ana ngendi para allahira, kang sira gawe kanggo awakira dhewe iku? Cikben padha tangi, yen bisa mitulungi sira, ing wektu sira nemu bilai. He Yehuda, marga kayadene kehing kuthanira, iya samono iku uga kehing allahira!
29. Apa prelune sira arep bebantahan kalawan Ingsun? Sira kabeh wus padha nyidrani Ingsun, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
30. Tanpa guna anggoningSun nggebagi anak-anakira, pamerdi ora digape pedhangira dhewe wus mangsa para nabinira nganti entek, kaya singa nom kang nyenyempal.
31. Sira iku tedhak turune sapa? Gatekna dhawuh pangandikane Sang Yehuwah! Apa Ingsun wus dadi ara-ara samun tumrap Israel utawa tanah kang peteng ndhedhet? Yagene umatingSun kok ngucap: Kawula sampun mardika, kawula sami boten purun sowan malih dhateng ing ngarsa Paduka?
32. Prawan apa bisa lali marang rerenggane, utawa penganten wadon marang udhete? Nanging umatingSun lali marang Ingsun wiwit ing wektu kang ora kena kaetung lawase.
33. Apik temen anggonira nata dalanira kanggo ngupaya katresnan! Mulane sira wus kepatuh nglakoni piala.
34. Nganti getihe para wong miskin kang ora salah tinemu ana ing jubahira! ora nalika padha mbabah arep maling anggone padha sira konangi! Sanadyan kabeh iku mangkono,
35. ewadene sira ngucap: Aku ora gawe dosa! Pancen bebendune wus sumingkir saka aku! Lah, Ingsun arep ngajokake sira menyang ing pangadilan, awitdene sira ngucap: Aku ora gawe dosa!
36. Entheng temen panganggepira ing bab ngowahi tindak-tandukira iku! Sira bakal kisinan uga marga saka Mesir, kayadene sira nandhang wirang marga saka Asyur.
37. Saka ing kana uga sira bakal metu karo ngangkat tanganira, amarga Sang Yehuwah wus nampik para kang sira andelake, lan sira ora bakal oleh gawe karo para wong iku.”
5. Pangeran Yehuwah iku asih-mirma lan adil, Gusti Allah kita iku ambek welasan.
6. Pangeran Yehuwah iku rumeksa marang wong prasaja; aku wus lemes, nanging banjur dipitulungi dening Panjenengane.
7. Dhuh nyawaku, puliha dadi ayem maneh, awit Pangeran Yehuwah wus nyaeni marang kowe.
8. Inggih, Paduka sampun ngluwari kawula saking pejah, lan mripat kawula saking luh, tuwin suku kawula saking sesandhungan.
9. Aku diparengake lumaku ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, ana ing tanahe wong urip.
10. Aku pracaya, sanajan duwe pangucap: “Banget temen anggonku katindhes.”
11. Ing sajroning kabingunganku aku ngucap: “Manungsa iku padha dora-cara kabeh.”
12. Kang dakgawe piwales apa marang Sang Yehuwah, tumrap ing sakehe sih-kadarmane marang aku?
13. Aku arep njunjung tuwunging pangentasan lan arep nyebut asmaning Pangeran Yehuwah,
14. arep ngluwari kaulku marang Sang Yehuwah ana ing ngarepe umat kabeh.
1. Aja ngalembana awakmu dhewe marga saka dina sesuk, awit kowe ora sumurup apa kang bakal kelakon ing dina iku.
1. [1a] Wasana sadulur-sadulurku, padha bungaha ana ing patunggilane Gusti. [1b] Mindhoni nulis maneh bab iki marang kowe iku tumraping aku ora abot lan aweh katamtuan marang kowe.
2. Dipadha ngati-ati marang asu-asu, dipadha ngati-ati karo wong-wong kang ala panyambut-gawene, dipadha ngati-ati karo juru netaki kang palsu.
3. Awit iya kita iki kang tetakan ing sabenere, kang padha ngabekti dening Rohe Gusti Allah lan nggunggung ana ing Sang Kristus Yesus lan ora ngandel marang prakara-prakara kadagingan
4. sanadyan aku uga duwe dhasar kumandel marang prakara-prakara kadagingan. Yen ana wong liya rumangsa bisa ngandel marang prakara-prakara kadagingan, aku iki luwih maneh:
5. ditetaki ing dina kang kawolu, trahe bangsa Israel, saka taler Benyamin, wong Ibrani tulen, kawawas saka angger-anggering Toret aku wong Farisi,
6. mungguhing kasregepan aku iki tukang nguya-uya pasamuwan, mungguhing kanyataan bab netepi angger-anggering Toret aku tanpa cacad.
7. Nanging apa kang biyen dadi kabegjan tumraping aku, saiki dakanggep kapitunan marga saka Sang Kristus.
8. Malah samubarang kabeh dakanggep kapitunan, marga wanuh marang Sang Kristus Yesus, Gustiku, iku mulyane ngungkuli kabeh-kabeh mau. Iya marga saka Panjenengane iku aku wus mbuwang samubarang kabeh iku lan dakanggep larahan, supaya aku oleh Sang Kristus
9. lan dumunung ana ing Panjenengane iku ora marga saka kabeneranku dhewe kang jalaran saka nglakoni angger-anggering Toret, ananging marga saka pracaya marang Sang Kristus, yaiku kabeneran peparinge Gusti Allah adhedhasar pracaya.
10. Kang dakkarepake yaiku wanuh marang Panjenengane lan dayane wungune lan manunggil ing sajrone sangsarane, temahan aku dadi madha rupa lan Panjenengane ana ing sedane,
11. supaya wekasane aku oleh patangen saka ing antarane wong mati.
12. Ora kok kaya-kaya aku wus kadunungan bab iki utawa wus sampurna, nanging iku dakburu, bokmanawa bisa kecandhak, awit aku iya wus dicandhak dening Sang Kristus Yesus.
13. Para sadulur, aku dhewe ora rumangsa manawa aku wus bisa nyekel,
14. nanging iki kang daklakoni: kalawan nglalekake apa kang wus ana ing buriku lan manglung marang apa kang ana ing ngarepku, aku mburu marang tujuan supaya oleh ganjaran, yaiku timbalan kaswargan kang saka ing Gusti Allah ing sajrone Sang Kristus Yesus.
15. Awit saka iku ayo kita, kang padha sampurna iki duwea pamikir mangkono. Lan manawa tumrap ing salah sawijining prakara panemumu seje, Gusti Allah kang bakal nyethakake prakara iku marang kowe.
16. Mung bae apa kang wus kita gayuh iku kita terusna metu ing dalan kang wus kita liwati.
17. Para sadulur, padha nulada marang aku lan ngiloa marang wong kang lakune padha kaya aku kabeh, kang padha dadi tetuladhanmu.
18. Awit, kaya kang wus kerep banget dakkandhakake marang kowe kabeh, lan kang saiki dakpratelakake maneh kalawan nangis, akeh wong kang uripe dadi satruning salibe Sang Kristus.
19. Wekasane wong-wong iku nemahi karusakan, kang dadi allahe wetenge, kang dadi kamulyane kanisthane, pangangen-angene mung tumuju marang prakara kadonyan.
20. Sabab kita iki wargane Kratoning Swarga lan saka kono uga kita nganti-anti Gusti Yesus Kristus kang dadi Juru Slamet,
21. kang bakal nyantuni badan kita kang nistha iki, temahan dadi madha rupa karo sarirane kang mulya, manut panguwaose kang bisa nelukake samubarang kabeh marang Panjenenane.