Alkitab ing setaun November 14YEHESKIEL 19:1-141. Anadene sira ngulukna kidung pangadhuh tumrap para ratu ing Israel,2. lan pratelakna mangkene: “Wah, ibunira iku pancen singa wadon ana ing antarane singa-singa! Nglemprak ana ing satengahe sings-singa enom lan nusoni anak-anake.3. Anake ana siji kang diopeni nganti dadi singa enom, kang sinau ndedekep malah banjur mangsa manungsa.4. Bangsa-bangsa padha alok: Ana singa ngamuk! Wasana singa mau kacekel ana ing luwangan pasangane, nuli dikeluhi tuwin digiring menyang Mesir.5. Bareng biyunge singa mau mangreti manawa pambudi dayane gagal lan wus ora duwe pangarep-arep babar pisan banjur njupuk anake liyane sarta digulawenthah dadi singa enom.6. Anake iki srawungan karo singa akeh nuli wus dadi singa enom lan sinau ndedekep malah banjur mangsa manungsa.7. Betenge padha karusak, kuthane padha kaobrak-abrik; bumi dalah saisine kabeh padha kaget krungu swarane panggerone.8. Para bangsa nuli padha gumregah nglawan saka ing wilayah-wilayah ing sakubenge, padha masang jaring kanggo nyekel lan banjur kacegur ing luwangan pasangan.9. Tumuli dilebokake ing kandhang kalawan keluhan, wasana banjur kasebakake menyang ing ngarepe ratu ing Babil; lan kalebokake ing pakunjaran, supaya swarane aja kaprungu maneh ana ing gunung-gununge Israel.10. Ibunira iku kaya wit anggur ana ing pakebonan anggur kang katandur ing sacedhaking banyu, banjur awoh lan ngepang amarga saka akehe banyune.11. Apa pange kang thukul kang kuwat kang dadi tekening karajan; thukule dhuwur ngungkuli pang-pang liyane kang rapet, lan katon ngegla marga saka dhuwure sarta marga ana pange cilik akeh.12. Nanging wit anggur iku banjur kabedhol awit saka bebendu, lan kaebrukake ing bumi; angin saka ing wetan gawe alum lan garinge wohe padha gogrog. Pange kang kuwat dadi garing lan banjur kamangsa ing geni nganti entek.13. Lah saikine wit mau banjur katandur ing ara-ara samun, ing lemah kang garing lan kekurangan banyu banget.14. Banjur ana geni kang metu saka ing pange kang mangsa pang-pange kang cilik lan wohe nganti entek, satemah wus ora ana pange kang kuwat, ora ana pange kang kanggo teken karajan.” Yaiki kidung pangadhuh lan banjur wus dadi kidung pangadhuh.YEHESKIEL 20:1-491. Ing nalika taun kapitu, tanggal ping sapuluh sasi lima, ana pinituwane Israel sawatara kang teka lan banjur lungguh ana ing ngarepku arep nyuwun pitedahe Sang Yehuwah.2. Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:3. “He, anaking manungsa, tutura marang para pinituwaning Israel iku lan kandhanana mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha teka arep nyuwun pitedah marang Ingsun? Demi Ingsun kang gesang, Ingsun ora marengake sira padha nyuwun pitedah marang Ingsun -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. --4. Apa sira gelem ngadili wong-wong iku, he anaking manungsa, apa sira gelem ngadili wong-wong iku? Padha sumurupna marang panggawene leluhure kang nistha,5. lan tutura marang wong-wong iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina nalika Ingsun milih Israel, Ingsun supaos marang turune Yakub sarta ana ing tanah Mesir padha Sunsumurupake marang Ingsun. Ingsun supaos ana ing ngarepe: Ingsun iki Yehuwah Allahira!6. Ing dina iku Ingsun supaos ana ing ngarepe manawa bakal padha Sunbekta saka ing tanah Mesir menyang ing tanah kang Sunpilih supaya dadia ebeke, nagara kang mili susu lan madu, tanah kang endah ing antarane sakehing nagara.7. Apadene padha Sunpangandikani mangkene: Saben wong mbuwanga para dewane kang marakake najis, kang tansah ditenga, lan sira aja najisake awakira kalawan brahala-brahala Mesir; Ingsun iki Yehuwah Allahira.8. Nanging banjur padha mbalela marang Ingsun lan ora gelem ngrungokake marang Ingsun; saben wong ora mbuwang dewa-dewane kang marakake najis, kang tansah dipandeng sarta ora ninggal brahala-brahala Mesir. Mulane karsaningSun bakal ngesokake bebenduningSun marang wong-wong iku, Sundhawahi dedukaningSun sakatoge ana ing satengahe tanah Mesir.9. Nanging anggoningSun tumindak mangkono iku marga saka asmaningSun, supaya aja kanajisake ana ing ngarepe para bangsa, kang tanahe padha dienggoni. Ana ing ngarepe bangsa-bangsa iku padha Sunsumurupake marang Ingsun, bakal Sunirid metu saka ing tanah Mesir.10. Padha Sunirid metu saka ing tanah Mesir, Suntuntun menyang ing ara-ara samun.11. Ana ing kana Sunparingi sumurup bab katetepan-katetepaningSun lan paring uninga bab pranatan-pranataningSun, anadene wong kang nindakake iku bakal urip.12. Dina-dina SabatingSun uga Sunparingake minangka pratandha ing antarane Ingsun lan dheweke kabeh, supaya padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, kang nucekake wong-wong mau.13. Nanging turune Israel ana ing ara-ara samun padha mbalela marang Ingsun; lakune padha ora manut ing katetepaningSun sarta padha nampik marang pranataningSun, mangka wong kang nindakake bakal urip. Kasucening dina-dina SabatingSun uga banget anggone katerak. Mulane karsaningSun bakal padha Sunesoki bebenduningSun ana ing ara-ara samun iku sarta bakal kasirnakake.14. Nanging anggoningSun tumindak mangkono iku marga saka asmaningSun, supaya aja kanajisake ana ing ngarepe para bangsa, kang nyumurupi dhewe, nalika padha Sunirid metu iku.15. Ewasamono ana ing ara-ara samun Ingsun supaos ana ing ngarepe, manawa ora bakal Sunbekta lumebu ing tanah kang wus Sunparingake, kang mili susu lan madu, tanah kang endah ana ing antarane sakehing nagara,16. amarga padha nampik marang pranataningSun sarta ora lumaku manut ing katetepaningSun apadene padha nerak kasucening dina-dina SabatingSun, sabab atine padha ngeloni para brahalane.17. Ewadene Ingsun ngraos welas mirsani wong-wong mau, satemah ora Sunsirnakake lan ora Suntumpes nganti tapis ana ing ara-ara samun.18. DhawuhingSun marang para anake ana ing ara-ara samun mangkene: Lakunira aja padha manut marang ing katetepane bapakira lan aja padha nggondheli marang pranatane sarta aja padha najisake awakira kalawan para brahalane.19. Ingsun iki Yehuwah Allahira. Padha lumakua manut ing katetepaningSun sarta padha nindakna pranataningSun kalawan setya,20. dina-dina SabatingSun padha sira sucekna, supaya iku dadia pratandha ing antaraningSun lan sira kabeh, satemah wong banjur sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah Allahira.21. Nanging anake padha mbalela marang Ingsun, lakune ora manut katetepaningSun lan ora nindakake pranataningSun kalawan setya, mangka sing sapa nindakake iku, bakal urip. Uga padha nerak kasucening dina-dina SabatingSun. Mulane karsaningSun bakal Sunesoki bebenduningSun, Sundhawahi dedukaningSun sakatoge ana ing ara-ara samun.22. Nanging Ingsun nuli mekak astaningSun sarta anggoningSun tumindak iku marga saka asmaningSun, supaya aja kanajisake ana ing ngarepe para bangsa kang sumurup dhewe, nalika padha Sunirid metu.23. Ewasamono Ingsun supaos ana ing ngarepe ana ing ara-ara samun, manawa bakal padha Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa sarta Sunsebar menyang ing sakehe nagara,24. amarga padha ora nindakake pranataningSun lan nampik marang katetepaningSun tuwin nerak kasucening dina-dina SabatingSun sarta mripate tansah padha tumenga marang para brahalane bapak-bapakne.25. Ingsun uga banjur paring katetepan kang ora becik lan pranatan kang njalari ora padha bisa urip.26. Padha Suntogake dadi najis kalawan anggone sesaji, anggone padha ngurbanake sarana kaobong ing geni kabeh kang lair dhisik dhewe saka ing guwa-garba, supaya padha kadunungana pagiris tuwin padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.27. Awit saka iku, he anaking manungsa, sira tutura marang turune Israel lan kandhanana mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Uga ing bab iki para leluhurira padha memada marang Ingsun, yaiku anggone banjur ora setya marang Ingsun.28. Amarga sawuse padha Sunbekta menyang nagara kang Sunjanjekake kalawan supaos bakal Sunparingake marang wong-wong mau, nuli padha tumenga marang saben tengger kang dhuwur lan marang saben wit-witan kang pange ngrembuyung sarta banjur padha nganakake kurban sembelehan tuwin nggawa sesajene kang gawe gerahing panggalihingSun, uga padha nyawisake sesajen kang arum ana ing kana lan ngesokake kurban omben-omben.29. Banjur padha Sunpangandikani: Kang padha sira unggahi iku tengger apa? Mulane saprene jenenge Tengger.30. Awit saka iku turune Israel iku kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Apa sira uga najisake awakira, niru lakune leluhurira lan tumindak sedheng kanthi patrap ngeloni para dewane kang nistha iku?31. Ing sajrone sira padha nggawa sesajenira, yaiku anak-anakira kang sira kurbanake sarana kaobong ing geni iku sira padha najisake awakira kalawan para brahalanira nganti ing dina iki; apa Ingsun isih ngarsakake sira padha nyuwun pitedah marang Ingsun, he turune Israel? Demi Ingsun agesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- Ingsun ora marengake maneh sira padha nyuwun pitedah marang Ingsun.32. Lan apa kang tuwuh ana ing sajroning atinira babar pisan ora bakal kelakon, yaiku kang padha sira ucapake: Aku padha kepengin kaya bangsa-bangsa liyane, kayadene sakehing golongan ing nagara-nagara liya, supaya iya bisa nyembah marang wit-witan lan watu.33. Demi Ingsun agesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- Ingsun bakal ngereh marang sira kabeh kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaacungake sarta kalawan bebendu kang kaesokake.34. Sira bakal Sunirid metu saka ing satengahe bangsa-bangsa lan Sunkempalake saka ing nagara-nagara, panggonanira padha kasebar kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaacungake sarta kalawan bebendu kang kaesokake,35. tuwin sira bakal Sunirid menyang ing ara-ara samuning bangsa-bangsa; ana ing kana Ingsun bakal prakaran kalawan sira aben ajeng.36. Kayadene anggoningSun prakaran kalawan leluhurira ana ing ara-ara samun ing tanah Mesir, iya kaya mangkono anggoningSun bakal prakaran kalawan sira kabeh -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. --37. Sira bakal padha Sunlampahake ing sangisore tekeningSun pangon lan Sunlebetake ing kandhang kalawan Sunetang.38. Wong kang padha mbalela lan gawe duraka marang Ingsun bakal Sunpisah saka ing tengahira; iku bakal padha Sunedalake saka ing nagara panggonane neneka, nanging bakal padha ora lumebu ing tanah Israel. Ing kono sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah.39. He, sira para turune Israel, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, -- wong siji-sijine cikben lunga sujud marang para brahalane. Nanging sawuse iku sira bakal padha ngrungokake marang Ingsun lan mareni anggonira najisake kasucening asmaningSun kalawan sesajen-sesajenira lan para brahalanira.40. Amarga ing gunungingSun kang suci, ing gununge Israel kang dhuwur, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- ana ing kono, iya ana ing tanah kono iku, turune Israel kabeh bakal padha ngabekti marang Ingsun. Ana ing kono Ingsun bakal karenan marang sira tuwin ana ing kono Ingsun bakal mundhut marang sira kurbanira kang mligi lan pisungsungira pepilihan, kabeh kang padha sira sucekake.41. Kayadene marang padupan arum anggoningSun karenan marang sira nalika sira padha Sunedalake saka ing satengahing bangsa-bangsa tuwin Sunkempalake saka ing nagara-nagara panggonanira padha sumebar, sarta Ingsun bakal nedahake kasuceningSun marang sira kabeh ana ing ngarepe para bangsa.42. Apadene sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, ing nalikane Ingsun ngirid sira lumebu menyang ing tanah Israel, tanah kang wus Sunjanjekake bakal Sunparingake marang para leluhurira.43. Ana ing kono sira bakal padha tansah kelingan marang sakehing pratingkahira anggonira padha najisake awakira, satemah sira bakal padha ngrumangsani nisthaning awakira marga saka anggonira nglakoni sakehing piala.44. Anadene sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun, marga saka asmaningSun, ora nandukake marang sira kang satimbang kalawan pratingkahira kang ala lan nistha, heh turune Israel, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”45. Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:46. “He, anaking manungsa, marepa mangidul lan ngucapna panyendhu kang akeh marang tanah kidul sarta medhara wangsit marang alas ing tanah sisih kidul,47. tuwin tutura marang alas ing sisih kidul: Pangandikane Sang Yehuwah iki rungokna: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal karya geni ana ing sira kang bakal nyirnakake saben wit-witan kang urip ana ing sira lan saben wit kang garing. Geni kang murub mangalad-alad iku ora bakal sirep-sirep lan sakehing rai wiwit kang ana ing kidul nganti tekan kang ana ing lor bakal gosong dening geni iku.48. Tuwin saben wong bakal sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah kang karya geni iku, lan iki bakal ora sirep-sirep.”49. Aku banjur munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, tiyang-tiyang wau sami nyariyosaken bab kawula: Apa kang dikandhakake iku dudu mung tembung pasemon?”JABUR 125:1-51. Kidung jiyarah. Wong kang padha kumandel marang Pangeran Yehuwah, iku padha kaya gunung Sion kang ora obah-obah, kang tetep ing salawase.2. Yerusalem kinupengan ing gunung, kaya mangkono Pangeran Yehuwah anggone ngamping-ampingi umate, wiwit ing samengko nganti ing salawase.3. Tekene kaprabone wong duraka ora bakal tetep ana ing bumi kang wus diundhi kanggo para wong mursid, supaya wong mursid aja nganti padha kumranggeh tangane marang piala.4. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nindakaken kasaenan dhateng para tiyang sae tuwin dhateng para tiyang ingkang manahipun tulus.5. Nanging tiyang-tiyang ingkang nyleweng dhateng ing margi ingkang menggak-menggok, mugi sami katundhunga dening Pangeran Yehuwah sareng kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami nindakaken piawon. Tentrem rahayu tumrapa marang Israel!WULANG BEBASAN 28:22-2222. Wong kang cethil ngarah enggal sugih, lan ora ngawruhi yen bakal ngalami kacingkrangan.IBRANI 10:1-181. Ing sajroning angger-anggering Toret iku mung kamot wewayangan bae bab karahayon kang bakal ana, sarta dudu wujuding karahayon iku dhewe. Marga saka iku kalawan kurban kang padha, kang saben taun lumintu dikurbanake, angger-anggering Toret ora bakal gawe sampurnane wong kang padha nindakake.2. Jalaran saupama mangkono, mesthi wong-wong padha ora nyaosake kurban-maneh, sabab kang padha nindakake pangibadah iku ora ngrumangsani dosa maneh awit wis padha karesikake sapisan kanggo salawas-lawase.3. Ananging iya malah marga saka kurban-kurban iku saben taun wong padha dielingake marang anane dosa.4. Sabab mokal manawa getihing sapi lanang utawa getihing wedhus lanang bisa mbirat dosa.5. Mulane nalika Panjenengane rawuh ing jagad, matur: “Kurban saha pisungsung boten Paduka karsakaken -- nanging Paduka sampun nyawisaken badan dhateng Kawula --6. Kurban obaran saha kurban pambirating dosa boten ndadosaken kepareng Paduka.7. Kawula lajeng munjuk: Lah punika Kawula sowan; ing salebeting kitab gulungan wonten seratanipun bab Kawula supados nglampahi karsa Paduka, dhuh Gusti Allah Kawula.”8. Sakawit Panjenengane matur: “Kurban saha pisungsung, kurban obaran saha kurban pambirating dosa sami boten Paduka karsakaken sarta boten ndadosaken kepareng Paduka.” -- sanadyan kapisungsungaken manut angger-anggering Toret --.9. Nuli matur mangkene: “Lah punika, Kawula sowan, badhe nglampahi karsa Paduka.” Sing wiwitan kasuwak dening Panjenengane, supaya kang kapindho bisa tumindak.10. Iya marga karsane iki, kita wus disucekake sapisan kanggo salawas-lawase srana kurban sarirane Gusti Yesus Kristus.11. Sabanjure saben imam ing sadina-dina ngimami sarta ambal-ambalan nyaosake kurban kang padha, kang babar pisan ora bisa mbirat dosa.12. Nanging Panjenengane, sawuse misungsungake kurban siji bae marga saka dosa, banjur lenggah ana ing tengene Gusti Allah salawas-lawase,13. sarta ing samengko Panjenengane mung ngantos-antos, nganti tumeka mungsuh-mungsuhe arep kadadekake ancik-anciking sampeyane.14. Sabab srana kurban siji bae Panjenengane wus damel sampurnane para kang kasucekake ing salawas-lawase.15. Lan bab iku Sang Roh Suci uga maringi paseksen marang kita,16. sabab sawuse Panjenengane ngandika: “Iki prajanjian kang bakal Sunanakake karo wong-wong iku, sawuse wektu iku,” Panjenengane banjur ngandika maneh: “Ingsun bakal maringi angger-anggeringSun ana ing atine, sarta Sunserat ana ing budine,17. sarta Ingsun ora ngenget-enget maneh marang sakehing dosa lan panerake.”18. Dadi manawa iku kabeh wus kaapura, ora prelu ana kurban maneh kang kudu kasaosake marga saka dosa. Javanese Bible 1981 Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981