Alkitab ing setaun Juni 182 PARA RAJA 25:1-301. Mulane nalika ing taun kang kaping sangane jaman paprentahane, ing sasi kang kaping sepuluh, ing tanggal kaping sepuluh ing sasi iku, Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, rawuh kadherekake ing wadya-balane kabeh lan banjur nempuh Yerusalem. Sang Nata nuli makuwon lan dhawuh ngepung kutha iku sarta ngedegake tembok pangepungan ing sakubenge.2. Kaya mangkono anggone kutha mau kakepung nganti ing taun kang kaping sawelase jamane Sang Prabu Zedhekia.3. Ing nalika tanggal kaping sanga sasi kang kaping pat, bareng pailan wus ngamuk nggegirisi ana ing kutha kono lan rakyat ing kono wus kentekan pangan,4. temboking kutha kabobol lan sakehing wadya-bala ing wayah tengah wengi padha lumayu liwat ing gapura ing antarane tembok loro kang ana ing sacedhake patamanan kraton, sanadyan wong Kasdim padha ngepung ing sakubenge kutha mau. Wong-wong mau padha lumayu menyang ing Araba-Yordan.5. Nanging wadya-bala ing Kasdim padha ngoyak Sang Prabu, lan kacepeng ana ing tanah warata ing Yerikho, sakehe wadya-balane wus padha bubar buyar ninggal panjenengane.6. Sang Prabu bareng wus kacepeng nuli kaaturake marang ing ngarsane Sang Nata ing Babil ana ing Ribla, kang banjur ndhawahake paukuman marang panjenengane.7. Para putrane Sang Prabu Zedhekia padha disembelehi ana ing ngarsane. Sawuse mangkono Sang Prabu Zedhekia kadamel wuta paningale, banjur kablenggu kalawan rante tembaga lan katawan menyang ing Babil.8. Kacarita ing sasi kang kalima ing tanggal kaping pitu ing sasi iku -- iku taun kang kaping sangalase jamane Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil -- Sang Nebuzaradan, panggedhening wadya-bala tamtama, punggawane Sang Nata ing Babil, rawuh ing Yerusalem,9. banjur mbesmi padalemaning Pangeran Yehuwah, kadhaton lan sakehing omah ing Yerusalem; daleming para panggedhe padha kaobong ing geni.10. Tembok ing sakubenge kutha Yerusalem karubuhake dening wadya-bala ing Kasdim kang ana, bebarengan karo panggedhening prajurit tamtama mau.11. Kekarening rakyat kang isih ana ing kutha kono lan para wong kang mbalik mbiyantu Sang Nata ing Babil sarta kekarening masyarakat padha kaparakake marang ing pambuwangan dening Sang Nebuzaradan, panggedhening wadya-bala tamtama mau.12. Mung ana wong kang mlarat sawatara kang dikarekake ana ing nagara kono dening panggedhening prajurit tamtama iku, kareben padha dadi tukang kebon anggur lan dadi wong tani.13. Uga saka-saka tembaga ing padalemaning Sang Yehuwah lan kretan panuwak sarta segaran tembaga kang ana ing padalemaning Sang Yehuwah padha dipecahi dening wong Kasdim, dene tembagane digawa menyang ing Babil.14. Kwali-kwali, sorok-sorok, lading-lading lan piring-piring sarta sakehing piranti tembaga kang kanggo nindakake tata pangibadah, padha dijupuki,15. uga padupan-padupan lan bokor-bokor panyiraman, kang emas utawa kang selaka, iku padha dibektani dening panggedhening prajurit tamtama mau.16. Dene saka loro-lorone, segaran siji lan kretan-kretanan panuwak yasane Sang Prabu Suleman kanggo ing padalemaning Sang Yehuwah, sakehe barang-barang iku tembagane nganti ora kena katimbang.17. Saka kang siji dhuwure wolulas asta, ing dhuwure ana krebil tembaga; dhuwure krebil iku telung asta lan nam-namane lan tetironing woh dlima kang ana ing sadhuwure krebil mubeng, iku kabeh uga tembaga. Lan kaya mangkono uga saka sijine dalasan nam-namane.18. Panggedhening wadya-bala tamtama mau banjur nyepeng Sang Seraya, imam-agung, lan Zefanya, imam pangkat loro lan para kang jaga lawang telu.19. Punggawa kraton ing kutha kono kang diangkat dadi panggedhening wadya-bala, abdi peladose pribadi Sang Nata kang ana ing kutha kono cacahe lima, sekretarising panggedhene wadya-bala kang nglumpukake rakyat kadadekake prajurit sarta wong saka ing satengahing rakyat ing nagara kono cacah sawidak, iku padha ditangkep kabeh.20. Wong-wong mau padha dicekeli dening Sang Nebuzaradan, panggedhening wadya-bala tamtama, banjur padha disebakake marang ing ngarsane Sang Nata ing Babil, ana ing Ribla.21. Sang Nata ing Babil tumuli dhawuh mateni wong-wong mau ana ing Ribla, ing tanah Hamat. Iya mangkono iku anggone wong Yehuda padha kaboyongan saka ing tanahe kaparakake marang ing pambuwangan.22. Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil banjur ngangkat Sang Gedalya bin Ahikam bin Safan dadi panggedhe kang ngereh rakyat kang isih kari ana ing tanah Yehuda, kang dikarekake dening Sang Prabu.23. Bareng para panggedhening wadya-bala padha mireng, manawa Sang Nata ing Babil wus misuda Sang Gedalya, banjur padha murugi Sang Gedalya, menyang ing Mizpa, yaiku Sang Ismael bin Netanya, Sang Yohanan bin Kareah, Sang Seraya bin Tankhumet, saka ing Netofa, lan Sang Yaasanya, putrane priyayi ing Maakha, kadherekake dening wadya-balane.24. Sang Gedalya tumuli supaos marang para panggedhe lan marang para wadya-balane: “Kowe aja padha wedi marang para punggawa ing Kasdim; padha tetepa manggon ana ing nagara kene lan sumuyuda marang Sang Nata ing Babil, temah bakal padha slamet.”25. Nanging ing sasi kang kapitu Sang Ismael bin Netanya bin Elisama, kang isih trahing ratu, kalawan kadherekake ing wong sepuluh, tindak murugi Sang Gedalya, kang banjur disedani, samono uga para wong Yehuda lan para wong Kasdim kang padha ndherek panjenengane ana ing Mizpa.26. Sawuse mangkono rakyat kabeh, wiwit kang cilik nganti kang gedhe, dalasan para panggedhening wadya-bala padha budhal ngungsi menyang ing Mesir, awit padha wedi marang wong Kasdim.27. Kacarita ing taun kang kaping telung puluh pitu sawuse Sang Prabu Yoyakhin, ratu ing Yehuda kabucal, ing sasi kang kaping rolas, ing tanggal kaping pitulikur ing sasi iku, Sang Prabu Ewil-Merodakh, ratu ing Babil, nalika ing taun jumenenge ratu, paring sih-piwelas marang Sang Prabu Yoyakhin, ratu ing Yehuda, yaiku banjur kaluwaran saka ing pakunjaran.28. Sang Prabu Ewil-Merodakh ngandika marang panjenengane kalawan grapyak, lan maringi kalenggahan marang panjenengane, ngluwihi para ratu kang bebarengan karo panjenengane ana ing Babil.29. Panjenengane diparengake lukar pangageman pakunjaran lan dhahar ana ing ngarsane Sang Nata ing sajege sugenge.30. Dene dhahare ajeg lumintu kaparingan dening Sang Nata, sapira betahe ing saben dinane, ing sajege sugenge.JABUR 75:1-101. Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Aja ngrusak. Masmur anggitane Asaf. Kekidungan.2. Kawula sami ngunjukaken pamuji sokur dhumateng Paduka, dhuh Allah, kawula sami ngunjukaken pamuji sokur, tiyang-tiyang ingkang nyebut asma Paduka sami nyariyosaken pakaryan Paduka ingkang ngedab-edabi.3. “Manawa Ingsun nemtokake wektune, Ingsun piyambak kang bakal mancasi kalawan adil.4. Bumi lan sakehing wong saisine padha lebur; Ingsun, iya Ingsun piyambak kang njejegake cagak-cagake.” (Selah)5. Ingsun ngandika marang para wong gumunggung: “Sira aja padha gumunggung.” Sarta marang para wong duraka: “Sira aja padha masang sungu!6. Aja padha masang sungunira nganti dhuwur, lan aja calathu kalawan ndegeg!”7. Sabab kamulyan iku pinangkane ora saka ing wetan utawa saka ing kulon, lan iya ora saka ing pasamunan,8. nanging Gusti Allah iku kang jumeneng Hakim: nglorod wong kang siji, sarta njunjung sijine.9. Astane Pangeran nyepeng tuwung isi anggur kang munthuk, kebak campuran bumbu; Panjenengane banjur ngiling saka ing kono; lah ampase bakal disruput lan diombe dening sakehing wong duraka ing bumi.10. Nanging aku bakal surak-surak ing salawas-lawase, Gusti Allahe Rama Yakub bakal dakpuji kalawan masmur.WULANG BEBASAN 19:4-54. Kasugihan ngolehake mitra akeh, nanging wong mlarat, ditinggal mitrane.5. Seksi goroh mesthi bakal nampani paukuman, sarta wong kang ngucapake cidra ora bakal oncat saka ing paukuman.LELAKONE PARA RASUL 3:1-261. Ing sawijining dina, ngarepake wektu sembahyang, yaiku jam telu awan, Rasul Petrus lan Rasul Yokanan padha minggah menyang ing Padaleman Suci.2. Ing kono ana wong lumpuh lair mula, mulane saben dina digendhong lan diselehake ing sacedhake gapuraning Padaleman Suci kang aran Gapura Endah, supaya ngemis marang wong kang padha lumebu menyang ing Padaleman Suci.3. Bareng wong mau weruh Rasul Petrus lan Rasul Yokanan arep lumebet menyang ing Padaleman Suci, banjur nyuwun peparing.4. Karone padha mirsani wong iku sarta Rasul Petrus tumuli ngandika: “Aku ingetna.”5. Wong mau iya banjur mandeng marang karone kanthi pangarep-arep bakal kaparingan apa-apa.6. Nanging Rasul Petrus nuli ngandika: “Emas lan salaka aku ora duwe, nanging kang aku duwe, kowe dakwenehi: Atas asmane Gusti Yesus Kristus saka ing Nasaret, lumakua!”7. Panjenengane banjur ngasta tangane tengen wong mau, nulungi anggone ngadeg. Sanalika iku uga sikile lan poloke wong mau dadi kukuh,8. tumuli njumbul ngadeg sarta mlaku-mlaku mrana-mrene sarta banjur ndherek karone lumebu menyang ing Padaleman Suci, kalawan lumaku lincak-lincak sarta memuji marang Gusti Allah.9. Rakyat weruh kabeh anggone mlaku-mlaku kambi memuji marang Gusti Allah iku10. sarta iya banjur padha ora pangling, yen wong iku kang adate lungguh ngemis ana ing Gapura Endah ing Padaleman Suci, satemah padha kaeraman lan kegawokan marang apa kang wus kalakon mungguh ing wong mau.11. Sarehne wong iku tansah ngetutake marang Rasul Petrus lan Rasul Yokanan, mulane wong akeh kang padha kaeraman banget iku kabeh padha teka ngrubung ana ing srambi kang aran Srambi Suleman.12. Bareng Rasul Petrus mirsa wong akeh iku, banjur ngandika: “Para sadherek Israel, punapaa dene panjenengan sadaya sami gumun dhateng lelampahan punika saha punapa sababipun dene penjenengan sami mirsani dhateng kula, kados-kados kula ingkang murugaken tiyang punika saged lumampah, margi saking panguwaos utawi kamursidan kula piyambak?13. Gusti Allahipun Rama Abraham, Iskak lan Yakub, Gusti Allahipun leluhur kita sampun ngluhuraken Abdinipun, inggih punika Gusti Yesus ingkang panjenengan ulungaken saha panjenengan tampik wonten ing ngarsanipun Sang Pilatus, sanadyan Sang Pilatus nggalih, bilih Panjenenganipun kedah dipun luwari.14. Nanging panjenengan sampun nampik Ingkang Suci saha leres, sarta ngarsakaken tiyang ingkang damel pepejah, supados kaparingaken dhateng panjenengan.15. Margi saking makaten punika, dados panjenengan nyedani Panjenenganipun ingkang dados Panuntuning gesang, nanging lajeng sampun kawungokaken dening Gusti Allah saking antawisipun tiyang pejah; saha tumrap bab punika kula ingkang sami dados seksinipun.16. Punapa dene margi saking pitados dhateng Asma Yesus punika, mila Asma punika sampun kelampahan ngiyataken tiyang ingkang panjenengan pirsani saha ingkang panjenengan sampun tepang punika; sarta kapitadosan punika ingkang njalari sarasipun tiyang punika wonten ing ngarsa panjenengan sadaya.17. Para sadherek, kula mangretos, bilih anggen panjenengan sami tumindak makaten punika, amargi saking kiranging pangretosan, sami kados para pangageng panjenengan sadaya.18. Nanging kanthi patrap makaten Gusti Allah sampun kelampahan nuhoni punapa ingkang kala rumiyin kapangandikakaken lumantar para nabinipun, inggih punika bilih Sang Mesih ingkang kautus punika kedah nandhang sangsara.19. Awit saking punika sami kula aturi enget saha sami mratobata, supados dosa panjenengan kaapunten,20. supados Pangeran lajeng ndhatengaken mangsa ingkang ludhang saha ngutus Gusti Yesus, ingkang wiwit sakawit sampun katamtokaken dados Kristus kagem panjenengan sadaya.21. Sang Kristus punika kedah wonten ing swarga ngantos dumugi ing titimangsa pulihipun samukawis sadaya, kadosdene ingkang sampun dipun pangandikakaken dening Gusti Allah lumantar para nabinipun ingkang suci nalika jaman rumiyin.22. Rak sampun dipun pangandikakaken dening Nabi Musa: Gusti Allah bakal nangekake nabi saka ing antarane para sadulurmu, padha kayadene aku. Yaiku kang kudu kokrungokake apa kang bakal dipangandikakake marang kowe.23. Sarta bakal kalakon, kabeh wong kang ora ngrungokake nabi iku, bakal katumpes saka ing antarane umat kita.24. Punapa dene sadaya nabi ingkang nate nglairaken pangandika, wiwit Nabi Samuel saha sasampunipun panjenenganipun, sampun sami meca bab jaman punika.25. Inggih panjenengan sadaya punika ingkang maris pameca-pameca punika saha angsal bagean tumrap ing prajanjian ingkang dipun wontenaken dening Gusti Allah kalayan leluhur kita, inggih punika nalika Panjenenganipun ngandika dhateng Rama Abraham: Marga saka turunira, kabeh bangsa salumahing bumi bakal kabarkahan.26. Lan ingkang rumiyin inggih kagem panjenengan sadaya punika anggenipun Gusti Allah njumenengaken Abdinipun saha ngutus Panjenenganipun nuweni panjenengan sadaya, supados panjenengan sami kabarkahan saha nuntun panjenengan piyambak-piyambak saking piawon panjenengan.” Javanese Bible 1981 Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981