Alkitab ing setaun Juli 132 BABAD 21:1-201. Wasana Sang Prabu Yosafat kepareng aso nunggil karo para leluhure, lan banjur kasarekake ing sandhinge para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud. Dene Pangeran Yoram, kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.2. Anadene para sadhereke, para putrane Sang Prabu Yosafat, yaiku: Pangeran Azarya, Pangeran Yehiel, Pangeran Zakharya, Pangeran Azariahu, Pangeran Mikhael lan Pangeran Sefaca. Iku kabeh padha putrane Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda.3. Kabeh padha tampa peparing akeh saka kang rama, arupa emas, selaka lan barang-barang kang pangaji, uga kutha-kutha beteng ing Yehuda. Mung bae kalenggahaning ratu kaparingake marang Pangeran Yoram, amarga iku putra pambajeng.4. Bareng Sang Prabu Yoram ngasta paprentahan ing karajane kang rama lan rumaos santosa, Sang Prabu banjur nyedani para sadhereke kabeh kalawan pedhang, uga para panggedhening Israel sawatara.5. Sang Prabu Yoram yuswa telung puluh loro taun nalika jumeneng ratu iku lan anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase wolung taun.6. Sugenge ngenut lampah-lampahe para ratu ing Israel kaya tindake brayate Sang Prabu Akhab, amarga garwane iku putri putrane Sang Prabu Akhab. Kang dilampahi iku apa kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah.7. Nanging sanadyan mangkono Pangeran Yehuwah ora karsa nyirnakake tedhake Sang Prabu Dawud marga saka anane prajanjian kang dianakake kalawan Sang Prabu Dawud, laras karo anggone prajanji, manawa Panjenengane bakal paring turun marang Sang Prabu Dawud dalah satedhak turune nganti ing salawas-lawase.8. Ing nalika jamane Sang Prabu Yoram, Edom mbalela marang pangwasane Yehuda lan banjur njumenengake ratu dhewe.9. Sang Prabu Yoram dalasan para panggedhening wadya-balane lan sakehe kretane padha maju perang; ing wayah bengi Sang Nata wungu sarta kalawan kadherekake para tetindhihing wadya-bala kretan panjenengane nuli nrobos pabarisane wong Edom kang ngepung.10. Kaya mangkono Edom anggone mbalela marang pangwasane Yehuda lan banjur mardika nganti saprene. Ing nalika samana Libna uga mbalela marang pangwasane Yehuda. Mulane mangkono sabab Sang Nata nilar Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.11. Sarta maneh panjenengane yasa tengger-tengger pangurbanan ana ing gunung-gunung ing tanah Yehuda. Wong kang padha manggon ing Yerusalem padha dibujuk supaya laku jina lan wong Yehuda padha disasarake.12. Nuli ana layang kang diaturake marang panjenengane saka Nabi Elia kang mangkene surasane: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Sang Prabu Dawud, leluhur dalem: Ing sarehne sira ora lumaku ing dalane Yosafat, bapakira lan Asa, ratu ing Yehuda,13. nanging ngenut ing lakune para ratu ing Israel lan mbujuk Yehuda lan para wong ing Yerusalem supaya laku jina, padha kaya kang ditindakake dening brayate Akhab, mangkono uga sarehne sira wus mateni para sadulurira, sakehe turune bapakira kang luwih becik tinimbang karo sira,14. mulane Pangeran Yehuwah bakal ndhatengake wewelak gedhe marang rakyatira, anak-anakira, para bojonira, apadene marang sakehe barang darbekira.15. Dene sira dhewe bakal nandhang lelara kang nggegirisi, sawijining lelara usus, satemah manawa wis sawetara mangsa ususira bakal metu marga saka lelara iku.”16. Pangeran Yehuwah banjur nenangi atine wong Filisti lan wong Arab kang manggon cedhak karo wong Etiopia supaya padha nglawan Sang Prabu Yoram.17. Iku nuli padha nglurug nglawan Yehuda, padha lumebu mrono lan ngusungi sakehe barang darbe kang tinemu ana ing kratone Sang Prabu, minangka jarahan, uga para putra lan para garwane, satemah ora ana putra siji bae kari kajaba Pangeran Yoas, putrane kang wuragil.18. Sawuse iku kabeh kelakon Pangeran Yehuwah banjur ndhawahake wewelak marang Sang Nata arupa lelara usus, kang ora bisa mari.19. Let sawetara mangsa, kira-kira sawuse rong taun, ususe padha metu marga saka gerahe mau, wasana banjur seda kalawan nandhang rekaos kang nggegirisi. Rakyate ora ngurubake geni kagem panjenengane kayadene kang katindakake kagem para leluhure.20. Nalika jumeneng ratu panjenengane yuswa telung puluh loro taun, dene anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem lawase wolung taun. Sedane ora ana kang nangisi. Anggone nyarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, nanging ora ana ing pasareane para ratu.2 BABAD 22:1-121. Para wong ing Yerusalem banjur njumenengake ratu Pangeran Ahazia, putrane kang wuragil nggentosi panjenengane, awit para putrane kang luwih sepuh yuswane wus padha disedani kabeh dening grombolan kang nekani pakuwon bebarengan karo para wong Arab. Mangkono dadine Pangeran Ahazia, putrane Sang Prabu Yoram, ratu ing Yehuda, banjur jumeneng ratu.2. Nalika jumeneng ratu iku Sang Prabu Ahazia yuswa patang puluh loro taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem suwene setaun. Kang ibu asma Atalya, wayahe Sang Prabu Omri.3. Sang Prabu sugenge iya manut ing lampah-lampahe tedhake Sang Prabu Akhab, awit kang ibu paring pitutur supaya nglampahi kang ala.4. Sang Prabu nindakake apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah, amarga sasedane kang rama, iku tumuli padha dadi juru pirembage kang gawe cilakane.5. Marga saka pirembage wong-wong mau uga panjenengane nuli tindak bebarengan karo Sang Prabu Yoram putrane Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel, arep lumawan ing perang karo Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram, menyang ing Ramot-Gilead, nanging Sang Prabu Yoram banjur ketaton dening wong Aram,6. Sang Prabu banjur kondur menyang ing Yizreel arep jejampi marga saka anggone ketaton ana ing Rama nalika perang nglawan Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram mau. Anadene Sang Prabu Ahazia, putrane Sang Prabu Yoram ratu ing Yehuda, tumuli tindak martuwi marang Sang Prabu Yoram, putrane Sang Prabu Akhab, menyang ing Yizreel, marga panjenengane nandhang gerah.7. Gusti Allah wus nemtokake, manawa Sang Prabu Ahazia bakal seda ing wektu martuwi Sang Prabu Yoram; bareng Sang Prabu Ahazia rawuh, tumuli bebarengan karo Sang Prabu Yoram manggihi Sang Yehu, wayahe Sang Nimsi, kang wus dijebadi dening Pangeran Yehuwah, supaya panjenengane iku kang nyirnakake tedhake Sang Prabu Akhab.8. Nalika Sang Yehu matrapi paukuman marang tedhake Sang Prabu Akhab, kepanggih karo para panggedhe ing Yehuda lan para putrane sadherek-sadhereke Sang Prabu Ahazia, kang padha ngladosi Sang Prabu Ahazia; iku iya padha disedani.9. Sawuse mangkono tumuli madosi Sang Prabu Ahazia. Sang Prabu Ahazia kecepeng nalika ndhelik ana ing Samaria, banjur kaladosake marang ing ngarsane Sang Yehu, nuli disedani, nanging iya tumuli kasarekake, amarga pangucape wong: “Panjenengane iku wayahe Sang Prabu Yosafat, kang ngupaya marang Pangeran Yehuwah kalawan gumolonging panggalihe.” Anadene kulawargane Sang Prabu Ahazia iku ora ana kang keconggah ngasta paprentahan maneh.10. Sang Putri Atalya, ibune Sang Prabu Ahazia, bareng mirsa, manawa kang putra wus seda, banjur tumandang nyirnakake sakehe tedhak turuning ratu, trah Yehuda.11. Nanging Sang Putri Yosabat, putra putrine Sang Prabu, mundhut Pangeran Yoas, putrane Sang Prabu Ahazia, kaculik saka ing satengahe para putrane Sang Prabu kang bakal disedani mau, banjur dilebetake ing gudhang pasarean karo inyane. Kaya mangkono Sang Putri Yosabat, putri putrane Sang Prabu Yoram, garwane Imam Yoyadha, -- panjenengane iku sadhereke putri Sang Prabu Ahazia -- anggone ndhelikake Pangeran Yoas saka ing ngarsane Sang Putri Atalya, satemah ora nganti disedani dening Sang Putri Atalya;12. nem taun anggone Pangeran Yoas dedalem kalawan umpetan ana ing padalemaning Allah nunggil karo para kadange mau, ing nalikane Sang Putri Atalya ngasta paprentahan ana ing nagara.JABUR 83:1-81. Masmur anggitane Asaf: sawijining kekidungan.2. Dhuh Allah, Paduka mugi sampun kendel mugi karsaa ngandika, saha sampun nganggur, dhuh Allah!3. Amargi mengsah Paduka sami gumuruh, tiyang ingkang sami sengit dhumateng Paduka sami nglangak kumethak,4. sami ngrantam paekan nglawan Paduka, sarta sami sakuthon badhe nglawan para ingkang Paduka ayomi.5. Wicantenipun makaten: “Ayo kita padha nyirnakake bangsa iku supaya jenenge Israel ora kocap maneh!”6. Saestu, sampun sami ngrantam kalayan saiyeg, sami damel prajanjian nglawan Paduka:7. Para ingkang sami manggen ing kemahipun bangsa Edom, lan Ismael, Moab kaliyan Hagar,8. Gebal lan Amon tuwin Amalek, Filisti sesarengan kaliyan tiyang ing Tirus,WULANG BEBASAN 21:1-11. Panggalihe ratu iku kaya ilen-ilen banyu ing astane Pangeran Yehuwah, diilekake manut ing sakarsane piyambak.LELAKONE PARA RASUL 17:16-3416. Rasul Paulus sajrone ngentosi ana ing kutha Atena iku, banget sungkawa ing galih, amarga nguningani nagara kono kebak reca-reca brahala.17. Awit saka iku ana ing papan pangibadah banjur wawan pangandika karo wong-wong Yahudi lan wong-wong kang padha bekti ing Allah, apadene saben dina ana ing pasar karo wong-wong kang katrenjuh ana ing kono.18. Uga ana ahli pikir sawatara saka golongan Epikurus lan Stoa kang padha sarasean karo panjenengane. Ana kang ngucap: “Apa ta sing arep dikandhakake tukang ngoceh iku?” Nanging liyane kandha: “Sajake wong iku nggiyarake piwulange dewa-dewa anyar.” Sabab kang diwartakake iku Injil bab Gusti Yesus lan patangen.19. Wong-wong mau banjur padha ngaturi Rasul Paulus tindak menyang ing parepatan ing Areopagus lan matur: “Punapa kula sami kepareng mirengaken piwulang enggal ingkang panjenengan wulangaken punika?20. Amargi kula sami panjenengan wartosi prakawis-prakawis ingkang aneh. Milanipun kula sami kapengin mangretos, punapa tegesipun punika sadaya.”21. Wong-wong Atena lan wong-wong manca kang padha manggon ing kono iku ora kober mrelokake bab liyane kajaba mung ngandhakake lan ngrungokake samubarang kang anyar.22. Rasul Paulus banjur jumeneng ana ing Areopagus lan ngandika: “para sadherek ing Atena, kula sumerep, bilih panjenengan sadaya punika tumrap ing samukawis punapa kemawon sakalangkung bekti dhateng para dewa.23. Amargi nalika kula mider-mider wonten ing kitha panjenengan saha ningal-ningali barang-barang ingkang panjenengan pundhi-pundhi, kula inggih nrenjuhi misbyah ingkang kaseratan makaten: Konjuk ing dewa ingkang boten kasumerepan. Wondene ingkang sami panjenengan sembah-sembah, sanadyan panjenengan dereng tepang punika, inggih punika ingkang badhe kula wartosaken.24. Gusti Allah ingkang nitahaken jagad saisinipun sadaya punika, sarehning jumeneng Pangeraning langit lan bumi, pramila boten dumunung wonten ing dalem damelaning manungsa,25. sarta ugi boten dipun ladosi ing tanganing manungsa, kados wontena kakiranganipun tumrap punapa-punapa, amargi inggih Panjenenganipun punika ingkang paring gesang saha ambekan sarta samukawis kabetahan dhateng manungsa sadaya.26. Sadaya bangsa lan sadaya umat kadadosaken dening Panjenenganipun saking tiyang satunggal, supados sami ngenggeni jagad punika sadaya punapadene Panjenenganipun sampun namtokaken mangsa-mangsa tuwin wates-watesing pamanggenipun.27. Punika supados tiyang sami madosi Panjenenganipun saha mugi-mugi saged kraos tuwin pinanggih kaliyan Panjenenganipun, sanadyan Panjenenganipun punika boten tebih kaliyan kita piyambak-piyambak.28. Jalaran kita punika gesang wonten ing Panjenenganipun, kita ebah, kita wonten, kadosdene ingkang ugi sampun kapratelakaken dening para pujangga panjenengan: Sabab kita punika ugi sami trahipun Allah.29. Sarehning kita punika trahing Allah, mila kita boten kenging gadhah pamanggih, bilih kawontenanipun Gusti Allah punika kadosdene jene utawi salaka utawi sela, ingkang kawujudaken dening kagunan saha kalangkunganipun manungsa.30. Tanpa ngengeti malih dhateng jaman kabodhoan punika, Gusti Allah sapunika martosaken dhateng manungsa, bilih wontena ing pundi-pundi kemawon, sadaya tiyang kedah mratobat.31. Amargi Panjenenganipun sampun namtokaken dinten anggenipun badhe ngadili jagad ing saleresipun, lumantar tiyang ingkang sampun kapiji, mawi dipun yektosaken dhateng tiyang sadaya srana dipun wungokaken saking antawisipun tiyang pejah.”32. Wong-wong mau bareng krungu bab tangine wong mati, banjur ana kang padha moyoki, lan ana liyane kang padha ngucap: “Sanes wekdal kemawon kula sami badhe mirengaken sesorah panjenengan bab punika malih.”33. Rasul Paulus banjur tindak saka ing tengahe wong-wong mau.34. Ewasamono iya ana wong lanang sawatara kang manunggal karo Rasul Paulus lan padha manjing pracaya, kayata Dhionesius, warganing pradata Areopagus, lan wong wadon kang aran Damaris, sarta uga wong-wong liyane bebarengan karo wong-wong mau. Javanese Bible 1981 Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981