Alkitab ing setaun Juli 20EZRA 1:1-111. Nalika taun kapisan jumenenge Prabu Koresy, ratu ing nagara Persia, supaya katetepana pangandika kang kalairake dening Nabi Yeremia, Sang Yehuwah ngosikake panggalihe Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia mau, temahan panjenengane nuli ngundhangake ing saindenging karajane Prabu Koresy kalawan lesan lan katulis:2. “Mangkene dhawuhe Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe sakurebe langit wus maringake sakehing karajan ing bumi marang ingsun; Panjenengane wus dhawuh marang ingsun ngyasakake padaleman kagem Panjenengane ana ing Yerusalem ing tanah Yehuda.3. Sapa wong panunggalanira kang kagolong umate, iku ditunggalake dening Allahe! Iku mangkata mulih menyang ing Yerusalem kang ana ing tanah Yehuda, lan yasaa padalemane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, yaiku Gusti Allah kang akedhaton ana ing Yerusalem.4. Dene sapa-sapaa kang isih kari, ana ing ngendi-endia bae anggone neneka, iku dibiyantonana dening wong kang manggon tunggal sapanggonan selaka lan emas tuwin dandanan apadene kewan, karo maneh kang rupa pisungsung manasuka kanggo padalemane Gusti Allah kang akedhaton ana ing Yerusalem.”5. Ing kono para panggedhene darah yehuda lan Benyamin sarta para imam lan para wong Lewi, yaiku saben wong kang katetangi krekating atine dening Gusti Allah, supaya mangkat, banjur padha budhalan, arep mbangun padalemane Sang Yehuwah kang akedhaton ana ing Yerusalem.6. Dene sakehing tangga teparone padha mbiyantu piranti selaka tuwin emas lan rajabrana sarta kewan, apadene kang peni-peni, iku kejaba apa kang kapisungsungake kalawan manasuka.7. Sang Prabu Koresy uga dhawuh ngwedalake pirantine padalemane Sang Yehuwah kang wus dijarah dening Sang Prabu Nebukadnezar saka ing Yerusalem lan diselehake ana ing kabuyutane allahe.8. Prabu Koresy ratu ing Persia mau anggone ngwedalake iku dipanggedheni dening Sang Mitredat, wedana gedhong kraton, kang nacahake iku kabeh ana ing ngarsane Sang Sesbazar, panggedhene bangsa Yehuda.9. Iki pratelane: bokor mas telung puluh, bokor selaka sewu, lading sangalikur,10. tuwung mas telung puluh, tuwung selaka patang atus sepuluh, piranti liya-liyane sewu.11. Sakehing piranti mas lan selaka iku gunggunge limang ewu patang atus. Iku kabeh digawa Sesbazar, nalika para wong buwangan mau padha kairid mulih saka ing tanah Babil menyang ing Yerusalem.EZRA 2:1-701. Iki pratelane bab wong ing propinsi Yehuda kang padha budhal mulih saka ing pambuwangan, yaiku para tawanan kang biyen padha diboyongi menyang ing tanah Babil dening Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, kang padha bali mulih menyang ing Yerusalem lan tanah Yehuda menyang ing kuthane dhewe-dhewe.2. Tekane padha kairid dening Sang Zerubabel, Yesua, Nehemya, Seraya, Reelaya, Mordekhai, Bilsan, Mispar, Bigwai, Rehum lan Baana. Iki dhaftare wong-wong bangsa Israel:3. bani Paros: rong ewu satus pitung puluh loro;4. bani Sefaca: telung atus pitung puluh loro;5. bani Arakh: pitung atus pitung puluh lima;6. bani Pahat-Moab, iya iku anak-anake Yesua lan Yoab: rong ewu wolung atus rolas;7. bani Elam: sewu rong atus seket papat;8. bani Zatu: sangang atus patang puluh lima;9. bani Zakai: pitung atus sewidak;10. bani Bani: nem atus patang puluh loro;11. bani Bebai: nem atus telulikur;12. bani Azgad: sewu rong atus rolikur;13. bani Adhonikam: nem atus sewidak nenem;14. bani Bigwai: rong ewu seket nenem;15. bani Adin: patang atus seket papat;16. bani Ater, yaiku bani Hizkia: sangang puluh wolu;17. bani Bezai: telung atus telulikur;18. bani Yora: satus rolas;19. bani Hasum: rong atus telulikur;20. bani Gibar: sangang puluh lima;21. saka Betlehem: satus telulikur;22. para wong Netofa: seket nenem;23. saka Anatot: satus wolulikur;24. saka Asmawet: patang puluh loro;25. saka ing Kiryat-Arim, Kefira lan Beerot: pitung atus patang puluh telu;26. saka ing Rama lan Gaba: nem atus selikur;27. saka ing Mikhmas: satus rolikur;28. saka ing Betel lan Ai: rong atus telulikur;29. saka ing Nebo: seket loro;30. bani Magbis: satus seket nenem;31. bani Elam, yaiku Elam liyane: sewu rong atus seket papat;32. bani harim: telung atus rong puluh;33. para wong saka ing Lod, ing Hadid lan ing Ono: pitung atus selawe;34. saka Yerikho: telung atus patang puluh lima;35. bani Senaa: telung ewu nem atus telung puluh.36. Iki pratelane para imam: bani Yedaya, iya iku kulawangsane Yesua: sangang atus pitung puluh telu;37. bani Imer: sewu seket loro;38. bani Pasyhur: sewu rong atus patang puluh pitu;39. bani Harim: sewu pitulas.40. Iki para wong Lewi: bani Yesua lan Kadmiel, yaiku tedhake Hodawya: pitung puluh papat.41. Iki para pasindhen: bani Asaf: satus wolulikur.42. Iki turune para jaga-gapura: bani Salum, bani Ater, bani Talmon, bani Akub, bani Hatita, bani Sobai, iku kabeh gunggunge satus telung puluh sanga.43. Iki para abdi ing padalemane Gusti Allah: bani Ziha, bani Hasufa, bani Tabaot;44. bani Keros, bani Siaha, bani Padon;45. bani Lebana, bani Hagaba, bani Akub,46. bani Hagab, bani Samlai, bani Hanan;47. bani Gidel, bani Gahar, bani Reaya;48. bani Rezin, bani Nekoda, bani Gazam;49. bani Uza, bani Paseah, bani Besai;50. bani Asna, bani Meunim, bani Nefusim;51. bani Bakbuk, bani Hakufa, bani Harhur;52. bani Bazlut, bani Mehida, bani Harsa;53. bani Barkos, bani Sisera, bani Temah;54. bani Neziah, bani Hatifa.55. Iki turune para abdine Prabu Suleman: bani Sotai, bani Soferet, bani Peruda;56. bani Yaala, bani Darkon, bani Gidel;57. bani Sefaca, bani Hatil, bani Pokheret-Hazebaim, bani Ami.58. Sakehe para abdi ing padalemaning Allah lan turune para abdine Prabu Suleman iku gunggunge ana telung atus sangang puluh loro.59. Iki wong-wong kang bali saka Tel-Melah, Tel-Harsa, Kerub, Adan lan Imer, nanging padha ora bisa nelakake kulawangsane lan sara-silahe, apa iya kagolong bangsa Israel apa dudu:60. bani Delaya, bani Tobiya, bani Nekoda, gunggung nem atus seket loro;61. lan saka antarane para imam: bani Habaya, bani Hakos, bani Barzilai. Barzilai iku ngalap somah saka Barzilai, wong Gilead, lan wiwit nalika samana disebut manut jenenge kulawarga iku.62. Iku padha nitipriksa apa jenenge padha kasebut ing sara-silah, nanging ora tinemu, temah padha dianggep ora suci, lan ora diparengake nglenggahi kaimaman.63. Lan tumrap wong-wong mau kadhawuhake dening kepala dhaerah, manawa ora diparengake mangan sesaosan kang suci pinunjul, nganti ana imam kang jumeneng kang ngasta Urim lan Tumim.64. Sagolongane wong kabeh iku mau gunggunge ana patang puluh loro ewu telung atus sewidak;65. iku kejaba bature lanang lan wadon kang cacahe pitung ewu telung atus telung puluh pitu. Ing antarane ana pasindhen lanang lan wadon rong atus.66. Jarane ana pitung atus telung puluh nenem, bihale rong atus patang puluh lima;67. untane patang atus telung puluh lima, kuldine nem ewu pitung atus rong puluh.68. Para sesirahing kulawarga, nalika sowan menyang ing padalemane Sang Yehuwah ing Yerusalem, ana sawatara kang ngaturake pisungsung manasuka kanggo pembanguning padalemaning Allah ana ing panggonane lawas.69. Padha ngaturake pisungsung ing sakadare minangka wragade pagawean rupa mas sawidak siji ewu dirham, selaka limang ewu mena, apadene klambi rangkepan panganggone para imam satus iji.70. Dene para imam lan para wong Lewi sarta uga saperanganing rakyat, para pasindhen lan para jaga-gapura tuwin para abdining padalemaning Allah padha manggon ana ing kutha-kuthane, mangkono uga wong Israel liyane kabeh iya padha manggon ana ing kuthane dhewe-dhewe.JABUR 86:6-106. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula, saha karsaa migatosaken swaraning panyuwun kawula.7. Ing dinten karibedan kawula, kawula sesambat dhumateng Paduka, amargi Paduka karsa paring wangsulan dhumateng kawula.8. Dhuh Allah, ing antawisipun para allah boten wonten ingkang nyameni Paduka, sarta boten wonten ingkang ngemperi pakaryan Paduka.9. Dhuh Pangeran, sakathahipun bangsa, ingkang Paduka titahaken, sami badhe sowan sujud nyembah wonten ing ngarsa Paduka, saha badhe ngluhuraken asma Paduka.10. Amargi Paduka punika agung saha nindakaken kaelokan-kaelokan; inggih namung Paduka piyambak punika ingkang jumeneng Allah.WULANG BEBASAN 21:15-1615. Nindakake kaadilan iku dadi kesenengane wong bener, nanging gawe wedine wong kang tumindak ala.16. Wong kang nyimpang saka dalane akal-budi, iku bakal leren ana ing panggonan nglumpuke para arwah.LELAKONE PARA RASUL 21:18-4018. Esuke Rasul Paulus tindak bebarengan karo aku menyang ing daleme Sang Pinisepuh Yakobus; kabeh para pinituwa wis padha ana ing kono.19. Sawise sesalaman, Rasul Paulus banjur nyaritakake kalawan wijang apa kang wus katindakake dening Allah ana ing antarane bangsa-bangsa liya sarana pangabdine.20. Krungu kang mangkono iku, kabeh padha ngluhurake Gusti Allah. Banjur padha matur marang Rasul Paulus: “Sadherek, panjenengan nguningani, bilih tiyang Yahudi ewon ingkang sampun sami manjing pitados saha sami sregep nabereni ing angger-angger.21. Ananging tiyang-tiyang wau sami mireng pawartos bab panjenengan mulang dhateng sadaya tiyang Yahudi ingkang sami manggen ing satengahing bangsa-bangsa sanes, supados sami nilar angger-anggeripun Nabi Musa, sami panjenengan penging sampun ngantos netaki anak-anakipun tuwin manut tata-cara kita.22. Mila lajeng kadospundi sapunika? Tamtu sami badhe mireng bilih panjenengan sampun rawuh mriki.23. Awit saking punika, sumangga kula aturi nindakaken ingkang kula aturaken punika: Ing antawis kita wonten tiyang sakawan ingkang sami gadhah nadar.24. Punika kula aturi ngajak sesarengan sesuci, sarta kula aturi nyanggi wragadipun, supados sami saged cukur rambut. Margi saking makaten, tiyang sami badhe saged sumerep, bilih sadaya pawartos bab panjenengan ingkang sami dipun pireng punika boten nyata babar pisan saha bilih panjenengan lestantun netepi angger-anggering Toret.25. Wondene bangsa-bangsa sanes, ingkang sampun sami manjing pitados, punika sampun sami kula kintuni serat, ingkang isi putusan kita, inggih punika: bilih kedah sami nyirik tetedhan, sesajening brahala, rah, daginging kewan tetakan, punapa dene lampah jina.”26. Ing dina candhake Rasul Paulus banjur ngajak wong-wong mau lan sawise sesuci bebarenga, nuli padha lumebu ing Padaleman Suci sarta pratela, yen pundhate dina pasucene iku besuk samasa kurbane sawiji-wijine wus kasaosake.27. Nalika ngarepake pundhate pitung dinane, wong-wong Yahudi kang teka saka ing tanah Asia padha weruh Rasul Paulus ana ing Padaleman Suci, banjur nggegerake rakyat lan nyekel panjenengane,28. karo nguwuh-uwuh: “He, wong-wong Israel, tulung! Iki wonge sing ana ing ngendi-endi mulang marang wong-wong supaya nglawan bangsa kita lan angger-anggering Toret sarta panggonan iki! Lan saikine dheweke ngajak wong-wong Yunani lumebu ing Padaleman Suci lan najisake panggonan suci iki!”29. Amarga sadurunge padha sumurup Trofimus wong Efesus bebarengan karo Rasul Paulus ana ing kutha lan ngira, yen diajak Rasul Paulus lumebu ing Padaleman Suci.30. Wong sakutha kabeh padha geger, wong akeh padha teka kumrubut lan banjur nyekel Rasul Paulus, diseret metu saka ing Padaleman Suci sarta sanalika iku uga lawanging Padaleman Suci padha diinebake.31. Nalika wong-wong mau padha ngrancang arep nyedani panjenengane, panggedhening wadya-bala mireng kabar, yen wong sakutha Yerusalem padha geger.32. Iku banjur ngajak wadya-balane dalasan opsir-opsire marani wong akeh mau. Bareng wong-wong padha nyumurupi rawuhe panggedhe sawadya-balane iku, banjur leren anggone nggebugi Rasul Paulus.33. Panggedhe mau nyelaki Rasul Paulus, kang banjur dicepeng sarta dibesta nganggo rante rangkep loro tuwin ndangu, sapa panjenengane iku lan apa kang ditindakake.34. Nanging wong akeh iku ana kang nguwuh mangkene ana kang mangkono. Sarehne marga saka gegere wong, panggedhe mau ora bisa mangretos apa kang sabenere kalakon, mulane banjur dhawuh nggawa Rasul Paulus menyang ing beteng.35. Bareng tekan ing undhak-undhakan, Rasul Paulus kapeksa diusung dening para prajurit, marga saka akehe wong kang ngebyuk sek-sekan,36. gumrudug nututi karo nguwuh-uwuh: “Kasirnakna tiyang punika!”37. Nalika Rasul Paulus arep digawa lumebu menyang ing beteng, panjenengane matur marang panggedhening prajurit mau: “Punapa kepareng matur dhateng panjenengan?” Wangsulane: “Kowe kok bisa basa Yunani!38. Dadi kowe iku dudu wong Mesir, kang durung suwe iki nuwuhake pambrontakan lan mlayokake brandhal patang ewu kang asikep gegaman, menyang ing ara-ara-samun?”39. Wangsulane Rasul Paulus: “Kula punika tiyang Yahudi, saking Tarsus, warga kitha ingkang misuwur ing tanah Kilikia. Kula nyuwun kalilana wicanten dhateng tiyang kathah punika.”40. Bareng Rasul Paulus wis dililani dening panggedhening prajurit mau, banjur jumeneng ing undhak-undhakan, tumuli kumlawe astane murih sirepe wong akeh mau. Bareng wis padha sirep, panjenengane banjur ngandika ing basa Ibrani mangkene: Javanese Bible 1981 Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981