Alkitab ing setaun Agustus 9AYUB 9:1-351. Ing kono Ayub mangsuli, pangucape:2. “Sanyatane aku wus sumurup, yen iku pancen mangkono, kapriye manungsa anggone bisa tinemu bener ana ing ngarsaning Allah?3. Saupama Gusti Allah karsa mabeni, ing sewu prakara saprakara bae mesthi ora bisa ngunjuki wangsulan.4. Sapa ta, sanadyan wicaksana atine lan gedhe kakuwatane, kang bisa nglawan marang Panjenengane sarta lestari slamet?5. Iya Panjenengane kang ngelih gunung ora kalawan kasumurupan ing wong, lan diwolak-walik ing sajroning bebendune;6. ngingser bumi saka ing panggonane, satemah saka-sakane padha gonjing,7. srengenge diwaleri, temah ora mlethek; lintang-lintang dikurung kalawan disegel;8. Gusti Allah piyambak kang mbeber langit, kang nglangkahi alune sagara,9. kang nitahake lintang Prau, lintang Wluku lan lintang Wuluh, apadene lintang-lintang ing kidul;10. kang nindakake pakaryan kang agung, ora kena jinajagan; sarta kaelokan tanpa wilangan.11. Manawa Panjenengane langkung ing sandhingku, aku ora sumurup, lan manawa lumampah aku ora ndeleng.12. Manawa Panjenengane ngrebat apa-apa, kang ngalang-alangi sapa? Sapa kang munjuk: Punapa ingkang Paduka tindakaken punika?13. Gusti Allah ora mekak bebendune, para pambantune Rahab padha tumelung ana ing ngarsane.14. Apamaneh aku, kapriye bisaku madoni Panjenengane, utawa milih tembung kanggo nglawan marang Panjenengane?15. Sanadyan aku bener, iya mangsa bisaa ngunjukake panjawab, malah aku kudu nyuwun sih-piwales marang Hakimku.16. Saupama aku nyenyebut, mangka Panjenengane paring wangsulan, aku mesthi iya ora ngandel, yen Panjenengane karsa miyarsakake swaraku;17. Panjenengane kang nempuh aku kalawan prahara, sarta kang ngakehake tatuku tanpa sabab,18. kang ora marengake aku unjal ambekan, nanging kang malah maregi aku kalawan pait-getir.19. Manawa bab karosan, Panjenengane iku kang kagungan. Manawa bab kaadilan, sapa kang bisa nggugat Panjenengane?20. Sanadyan aku bener, cangkemku dhewe kang bakal ngluputake aku; sanadyan aku ora salah, Panjenengane kang bakal nyalahake aku.21. Aku ora luput! Aku ora mreduli awakku, aku ora ngetung uripku.22. Kabeh-kabeh iku padha bae, mulane pangucapku: Wong luput lan wong ora luput karo-karone padha tinumpes.23. Manawa cemethine dumadakan memateni, Panjenengane banjur nggegujeng bubrahing nalare wong kang ora luput.24. Bumi wus kapasrahake marang wong duraka, hakime jagad ditutupi raine; manawa dudu Gusti Allah kang nindakake iku, lah sapa ta?25. Playune dina-dinaning umurku rikate ngungkuli utusan kilat, wus padha larud tanpa nyumurupi kabegjan,26. pesating lakune kaya prau glagah, kaya abure manuk garudha kang nyamber memangsan.27. Saupami kawula gadhah pangucap makaten: Daklalekake sesambatku, dakbuwange anggonku mbesengut, banjur dadi bungah maneh,28. punika kawula ajrih dhateng kasisahan kawula sadaya, awitdene kawula sumerep, bilih Paduka boten badhe mastani kawula tanpa kalepatan.29. Kawula temtu katetepaken tiyang duraka, punapa ginanipun kawula ngantos kangelan tanpa wekasan?30. Sanadyan kawula adusa toya salju, sarta wisuha mawi sabun,31. Paduka temtu mblesekaken kawula ing endhutan, lajeng sandhangan kawula sami nganggep jijik dhateng kawula.32. Amarga Panjenengane iku dudu manungsa kaya aku, kang kena dakcaosi panjawab: Sumangga sami sesarengan sowan dhateng ing ngarsaning pangadilan.33. Ora ana juru pamisah, kang numpangake tangan marang kita sakarone!34. Satemah Panjenengane banjur nyingkirake gebage saka ing awakku, sarta aku nuli ora giris ana ing ngarsane.35. Manawa kelakon mangkono, aku iya bakal munjuk ora nganggo wedi, awit aku pancen ora mangkono.”AYUB 10:1-221. “Nyawaku wus bosen urip, aku arep ngumbar pasambatku, aku arep ngucap sajroning prihatine nyawaku kang pait.2. Aku arep munjuk marang Gusti Allah: Paduka mugi sampun ngantos nglepataken dhateng kawula; kawula mugi Paduka sumerepaken, punapa sababipun dene Paduka nglawan dhateng kawula.3. Mikantuki punapa ta kagem Paduka, manawi nindhes tiyang punika, manawi Paduka mbucal pakaryaning asta Paduka, saha paduka paring pambiyantu dhateng rancanganipun tiyang duraka?4. Punapa Paduka kagungan paningal wadhag? Anggen Paduka mirsani samukawis punapa inggih kados patrapipun manungsa anggenipun ningali?5. Yuswa Paduka punapa memper kados umuripun manungsa, petangan taun Paduka punapa inggih kados umuripun tiyang jaler,6. dene Paduka kok karsa madosi kalepatan kawula, saha nlusur dosa kawula,7. mangka paduka mirsa, bilih kawula sanes tiyang duraka, saha bilih boten wonten tiyang ingkang saged oncat saking asta Paduka?8. Asta Paduka ingkang mangun saha ngwujudaken kawula, nanging Paduka kok lajeng boten karsa mirsani kawula sarta badhe nyirnakaken kawula?9. Paduka mugi karsaa ngengeti, bilih Paduka ingkang karya kawula saking lempung, kok badhe Paduka dadosaken lebu malih!10. Punapa sanes Paduka ingkang ngecuraken kawula kados susu, kok lajeng badhe Paduka jendhelaken dados keju?11. Paduka praboti kulit kaliyan daging, Paduka enami balung tuwin otot.12. Paduka paringi gesang saha sih-rahmat; nyawa kawula Paduka jagi lumantar pangreksa Paduka.13. Nanging kawontenan igkang makaten punika kok Paduka sengker ing salebeting panggalih; kawula sumerep, bilih punika pancen sampun dados karsa Paduka.14. Saupami kawula damel dosa, Paduka temtu badhe nguningani, saha kawula boten badhe Paduka galih tanpa kalepatan.15. Manawi kawula duraka, bilai kawula; manawi kawula leres inggih boten saged langak-langak, amargi anggen kawula tuwuk kawirangan, sarta nyumerepi kasangsaran kawula.16. Manawi kawula ndengengek, Paduka temtu lajeng mbujeng kawula kadosdene singa sarta ngatingalaken panguwaos Paduka ingkang nggumunaken punika dhumateng kawula malih.17. Paduka badhe ngajengaken seksi-seksi enggal ingkang nglawan kawula, -- Paduka ngagengaken bebendu Paduka dhumateng kawula -- Paduka badhe ngangsahaken pasukan-pasukan enggal, malah balatantra dhumateng kawula.18. Punapa sababipun dene Paduka ngedalaken kawula saking guwa-garba? Langkung sae manawi kawula pejah, saderengipun kawula kasumerepan ing tiyang,19. kados-kados kawula boten nate wonten, saking guwa-garbaning biyung lajeng kemawon kabekta dhateng ing pakuburan.20. Punapa dinten-dintening umur kawula boten namung sakedhik? Paduka mugi karsaa ngendelaken kawula, supados kawula saged bingah sawatawis,21. saderengipun kawula kesah lan boten mawi wangsul malih dhateng nagari ingkang peteng lelimengan,22. dhateng nagari ingkang peteng ndhedhet, panggenan ingkang peteng sanget saha worsuh, ingkang cahyaning pepadhangipun sami kaliyan pepeteng.”JABUR 93:1-51. Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja, abusana kamulyan, Pangeran Yehuwah busana lan apaningset kasantosan. Sanyata bumi wus jejeg ora gonjang-ganjing.2. Dhampar Paduka jejeg wiwit kala rumiyin, wiwit ing kalanggengan Paduka sampun wonten.3. Dhuh Yehuwah, lepen-lepen sami kumrasak, lan sami ngulukaken swaranipun, saha sami ngulukaken jumleguripun.4. Pangeran Yehuwah ngebat-ebati banget ana ing ngaluhur, ngungkuli kumrasaking banyu agung, ngluwihi jumleguring alun ing segara.5. Pranatan Paduka sanget kenceng, padaleman Paduka sampun sapantesipun manawi suci, dhuh Yehuwah, kangge ing salaminipun.WULANG BEBASAN 22:22-2322. Aja ndhedheli wong miskin, awit iku wus miskin, lan aja nindhes wong kang susah ana ing gapura.23. Awit Pangeran Yehuwah mbelani prakarane, sarta sing sapa ngrampas marang wong mau, iku bakal dirampas nyawane.RUM 9:16-3316. Dadi bab iku ora gumantung marang kareping wong utawa reka-dayaning wong, nanging gumantung marang sih-kamirahane Gusti Allah.17. Marga ing Kitab Suci ana pangandika marang Sang Prabu Pringon, mangkene: “Yaiku sababe anggoningSun ngadegake sira, yaiku supaya Ingsun bisa ngatingalake panguwaosingSun ana ing sira, sarta AsmaningSun supaya kasuwurna ing salumahing bumi.”18. Dadi Panjenengane maringi sih-piwelas marang sapa bae kang dikarsakake, lan Panjenengane mangkotake marang sapa bae kang dikarsakake.19. Saiki kowe arep padha tutur marang aku: “Yen mangkono, apa maneh kang kaanggep luput dening Panjenengane? Sabab sapa kang bisa nglawan karsane?”20. Nanging, heh manungsa, kowe iku sapa ta, dene kok madoni marang Gusti Allah? Apa iya bisa, ta, barang gegawean calathu marang kang gawe mangkene: “Yagene dene anggonmu gawe aku kok kaya mangkene?”21. Apa kundhi iku ora duwe wewenang tumrap lempunge; prongkolan kang padha, salong kagawe barang kang mulya, salong kagawe barang liyane kang lumrah?22. Lan kapriye saupama kagem ngatingalake bebendu lan nedahake panguwaose, Gusti Allah paring kasabaran kang gedhe marang para kang minangka wadhahing bebendu, kang wus kacadhangake marang karusakan,23. mangka iku malah kagem ngatingalake anggone sugih kamulyan marang para kang minangka wadhahing sih-piwelase, kang wis cinadhangake marang kamulyan?24. Yaiku kita kang wus padha katimbalan, ora mung saka ing antarane wong Yahudi bae, nanging uga saka ing antarane bangsa-bangsa liya,25. kaya kang wus dipangandikakake uga ana ing kitabe Nabi Hosea, wiraose: “Kang dudu umatingSun bakal Sunsebut umatingSun, lan kang dudu kekasih, iku Sunsebut kekasih.”26. Lan ing panggonan kang wong-wonge dipangandikani: “Sira iku dudu umatingSun,” ing kono wong-wong mau bakal dipangandikani: “Para Putrane Gusti Allah kang sipat gesang.”27. Lan Nabi Yesaya nguwuh ing ngatase bangsa Israel, mangkene: “Sanadyan Banisrael iku cacahe kaya wedhine sagara, nanging mung kekarene bae kang bakal pinaringan rahayu.28. Sabab apa kang wus dipangandikakake, bakal tumuli katindakake dening Pangeran ana ing bumi, kalawan sampurna.”29. Karodene kaya kang kawecakake dening Nabi Yesaya ing sadurunge mangkene: “Saupama Gusti Allah kang murbeng dumadi ora ngarekake turun marang kita, kita wus dadi kaya Sodom lan padha kaya Gomora.”30. Yen mangkono, apa kang bakal kita gunem? Iki: Bangsa-bangsa liya kang padha ora ngupaya kabeneran, wus padha oleh kabeneran, yaiku kabeneran kang awit saka pracaya.31. Nanging: Bangsa Israel sanadyan ngupaya angger-angger kang bakal nekakake kabeneran, ora nganti nyandhak marang angger-angger mau.32. Yagene kok ora? Sabab bangsa Israel anggone ngupaya ora marga saka pracaya, nanging marga saka panggawe, marga padha kasandhung ing watu sesandhungan,33. kaya kang katulisan, wiraose: “Lah ing Sion Sundokoki watu tetanggoran tuwin watu sesandhungan, lan: Sapa kang pracaya marang iku, ora bakal kawirangan.” Javanese Bible 1981 Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981