RUM 1:4
lan miturut Rohing kasucen, kang kayekten ana ing wungune saka ing antarane wong mati, manawa Panjenengane iku Putrane Gusti Allah kang kuwaos, yaiku Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.
RUM 1:7
marang sakehe para sadulur kang manggon ing kutha Rum, iya para kekasihe Gusti Allah, kang katimbalan lan kadadekake suci. Sih-rahmat anaa ing kowe kabeh lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus.
RUM 1:8
Luwih dhisik aku saos sokur marang Allahku marga dening Gusti Yesus Kristus ing ngatase kowe kabeh, awit kabar bab pracayamu wus sumebar ing sajagad.
RUM 2:16
Bab iku bakal tetela ing dina samangsa Gusti Allah ngadili wewadine manungsa lumantar Gusti Yesus Kristus, cocog karo Injil kang dakwartakake.
RUM 3:22
yaiku kabeneraning Allah kang awit saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus tumrap kabeh wong kang padha pracaya, awit ora ana beda-bedane.
RUM 3:26
Karsane yaiku kagem ngatingalake kaadilane ing jaman saiki, supaya tetelaa manawa Panjenengane iku bener, lan uga mbenerake wong kang pracaya marang Gusti Yesus.
RUM 4:24
nanging iya katulis kanggo kita uga; sabab kita bakal kaetung kaya mangkono uga, awit kita padha pracaya ing Panjenengane kang wus mungokake Gusti Yesus, iya Gusti kita, saka ing antarane wong mati,
RUM 4:25
yaiku Gusti Yesus kang wus kaulungake awit saka panerak kita, sarta kawungokake awit saka anggon kita padha kabenerake.
RUM 5:1
Mulane kita kang wus padha kabenerake awit saka pracaya, kita padha urip kalawan rukun karo Gusti Allah marga dening Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.
RUM 5:11
Lan ora ngamungake mangkono bae, kita malah iya bakal padha ngalembana marang Gusti Allah marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita, kang dadi margane anggon kita wus padha oleh pirukun iku.
RUM 5:15
Nanging sih-rahmate Gusti Allah iku ora padha karo panerake Rama Adam. Sabab, manawa panerake wong siji njalari wong kabeh padha tumiba ing pangwasaning pati, luwih agung maneh sih-rahmate Gusti Allah sarta peparinge ganjaran kang ngluberi wong kabeh, kang marga saka wong siji, yaiku Gusti Yesus Kristus.
RUM 5:17
Sabab, yen marga saka panerake wong siji, si pati wus masesa marga saka wong siji iku, mendahane maneh wong kang wus padha nampani kaluberaning sih-rahmat sarta ganjaran kabeneran, mesthi bakal urip lan masesa marga dening wong siji, yaiku Gusti Yesus Kristus.
RUM 5:21
supaya padha kaya si dosa wus nguwasani ing alam pati, mangkono uga sih-rahmat iya bakal masesa marga saka kabeneran kang njalari urip langgeng, marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.
RUM 7:25
Aku ngucap sokur marang Gusti Allah, iku marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.
RUM 8:11
Lan manawa Rohe kang wus mungokake Gusti Yesus saka ing antarane wong mati iku dedalem ana ing kowe, dadine kang wus mungokake Sang Kristus Yesus saka ing antarane wong mati iku iya bakal nguripake badanmu kang kena ing pati iku, lumantar Sang Roh kang dedalem ana ing kowe.
RUM 10:6
Nanging kabeneran kang awit saka pracaya iku, wewarahe mangkene: “Aja ana osiking atimu: Sapa ta kang bakal sumengka menyang ing swarga?” yaiku prelu ngaturi Gusti Yesus tumedhak,
RUM 10:9
Sabab, manawa sarana tutukmu kowe ngakoni yen Gusti Yesus iku Gusti, lan atimu pracaya yen Gusti Allah wus mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati, kowe bakal kapitulungan rahayu.
RUM 13:14
Nanging padha ngrasuka Gusti Yesus Kristus (minangka gegamaning pepadhang) lan aja mung ngopeni kadaginganmu kanggo kamaremaning pepenginane.
RUM 14:14
Aku sumurup lan nemtokake ana ing Gusti Yesus, yen ora ana barang kang najis saka dhasare dhewe. Ya mung kanggo wong kang duwe panganggep, manawa ana barang kang najis, iku banjur dadi najis tumrap wong mau.
RUM 15:6
satemah kalawan saiyeg sarta tunggal swara, kowe padha ngluhurake Gusti Allah, lan Kang Ramane Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.
RUM 16:20
Muga-muga Gusti Allah kang dadi etuking tentrem-rahayu, enggal nglebur Iblis ana ing sangisoring tlapakanmu. Sih-rahmate Gusti Yesus, Gusti kita, anunggila ing kowe.
RUM 16:24
Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus, Gusti kita, anunggila ing kowe kabeh! Amin.)
RUM 16:25
Kagem Panjenengane, kang nyantosakake kowe kabeh, -- manut Injil kang dakkabarake, sarta pawarta bab Gusti Yesus Kristus, laras karo kabare wewadi kang kasidhem pirang-pirang abad lawase,
RUM 16:27
iya kagem Panjenengane, Gusti Allah kang wicaksana piyambak, awit saka Gusti Yesus Kristus: sakehing kamulyan langgeng ing salawas-lawase! Amin.